Nresnani Sedaya Titah Pancaran Air Hidup 15 Januari 2022

15 January 2022

Waosan: Jabur 36: 610 | Pamuji: KPJ. 385:1
Nats:Dhuh Yehuwah Paduka ingkang mitulungi manungsa lan kewan. (Ayat 7b)

Para ahli sami paring pepenget dhateng kita, bilih prastawa ingkang ngegirisi tumrap manungsa mboten namung pagebluk Covid-19 kemawon, ananging wonten ingkang langkung mbebayani malih, inggih punika perubahan iklim. Sejatosipun prekawis punika sampun asring dipun wartosaken wiwit jaman rumiyen, ananging kasunyatanipun mboten sedaya tiyang peduli. Samangke perubahan ikim punika tansaya sanget, kathah es wonten ing kutub ingkang dados toya, satemah nambahi toya seganten, ing salajengipun daratan punika saged kelem. Dampak sanesipun: wonten daerah ingkang hawanipun panas sanget lan wonten ingkang asrep sanget. Wonten daerah ingkang jawahipun deres sanget, ngantos dadosaken banjir lan tanah longsor, ingkang saged ngrisak taneman pangan satemah gagal panen.

Ing Kitab Jabur punika, prabu Dawud nedahaken dhateng kita, bilih Gusti Allah nitahaken manungsa lan isinipun ndonya (inggih punika redi, mega, samudra, lepen, kewan) ing kahanan ingkang sae. Lumantar nyebataken titah-titah kalawau prabu Dawud ngraosaken bilih kuwaosipun Gusti Allah punika tanpa wates. Ing ayat 7, prabu Dawud nyebataken bilih manungsa lan kewan punika sami-sami dipun gatosaken dening Gusti Allah. Ing seratan punika prabu Dawud kepingin atur pangertosan bilih sedaya titah punika sami dipun tresnani dening Gusti Allah lan sedaya titah gadhah hak ingkang sami kangge lestari ing bumi.

Gusti Allah sampun nitahaken alam lan isinipun kanthi sae. Saklajengipun manungsa dipun paringi mandat supados saged ngelola alam punika. Nanging ing kasunyatanipun manungsa punika asring ngrisak lan namung kepingin mendet asilipun alam punika kemawon, tanpa mikir punapa dampakipun. Ing wekdal punika, kita dipun engetaken menawi alam punika risak dampakipun gegirisi sanget kangge kita. Pramila namung setunggal cara ingkang saged kita tempuh, inggih punika kita kedah nresnani alam lan sedaya titahipun Gusti Allah punika, kados Gusti Allah anggenipun nresanani sedaya titahIpun. Sarana tumindak nresnani alam lan sedaya titah punika, tamtu alam punika badhe tetep lestari, iklim saged ajeg, bencana alam saged dipun luari. Mangga kita sami nresnani, njagi, lan nrimati alam lan sedaya titahipun Gusti Allah punika kanthi sae. Salam lestari. Amin. [GIK].

 Alam tanpa manungsa isa lestari, ananging manungsa tanpa alam bakalan mati.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak