Waosan : Yesaya 51 : 1 – 16 | Pujian : KPJ. 124 : 1, 2
Nats:“Padha nggatekna swaraningSun, he para bangsa, lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa! Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap bangsa.” (Ay. 4)
Kula remen sanget kalih salah setunggal pepujen rohani populer jawi ingkang kaparingan irah-irahan “Wonten Panglipuran” mekaten :
“Wonten panglipuran Ing Gusti Yesus, wonten panglipuran endah.
Gusti paring ayem lan paring kesarasan, wonten panglipuran endah”
Pepujen punika cekak aos nanging nggadhahi semangat lan kapitadosan bilih wonten ing Gusti Yesus punika wonten panglipuran ingkang endah lan wonten kasarasan. Menawi kita raos-raosaken kanthi temen, kula pitados bilih pepujen punika nggadhahi artos ingkang saestu lebet. Menawi wonten ing gesang kita sisah lan antuk panglipuran saking sinten kemawon tamtu manah kita mesthi ngraosaken kabingahan. Kabingahan awit karana panglipuran punika ingkang estu dibutuhaken dening tiyang ingkang saweg nandhang sedhih lan karibedan.
Nas ingkang kita waos ing dinten punika inggih Sabdanipun Allah ingkang endah sanget, ingkang dipun paringaken dening Allah kangge bangsa Israel. Nalika semanten Bangsa Israel ngraosaken sisah lan kasangsaran ing manah amargi wonten ing tlatah pambucalan Babel. Kahanan ingkang ringkih, sedhih lan lungrah ing manah ndadosaken Bangsa Israel mboten saged ngraosaken prajanjinipun Gusti Allah. Nalika semanten kathah tiyang ingkang mboten pitados malih dateng Gusti Allah, nanging taksih wonten ugi tiyang-tiyang ingkang pitados dateng Gusti Allah. Kacarita bilih Yesaya pitados kaliyan prajanjinipun Gusti Allah lan tansah ngemutaken pakaryanipun Allah tumrap para sesepuh ingkang sampun dipunnyataaken dening Allah sakderengipun.
Kados dene Israel ingkang sampun dipunparingi prajanji pangluaran lan pangapunten saking Gusti, wonten ing gesang kita ugi sami. Nalika kita pitados dateng Gusti, tansah ngorong Sih Rahmat lan panglipuran, kita badhe antuk pitulungan lan panglipuran saking Gusti Allah. Ingkang kedah kita lampahi inggih punika tetep sabar, pitados lan sumarah dateng Gusti. Senajan wonten karibedan, pacoben, mangga kita tetep ing Gusti ingkang tansah netepi janji pangluaran dateng kita sedaya. (ASN).
“Wonten panglipuran ing manah kang tansah pitados dateng janji prasetyanipun Gusti”