Dadi Crita Pancaran Air Hidup 15 Februari 2022

15 February 2022

Waosan: Ezra 1: 1 11 | Pujian: KPJ. 161 :1, 2
Nats:
Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus marengake sakehing Karajan ing bumi marang ingsun, … (Ayat 2)

Miturut katrangan media masa, virus corona wiwit nulari masyarakat Indonesia wonten ing wulan Maret 2020. Virus punika mbeta korban kathah sanget, mboten namung sakit, ananging kathah ingkang pejah. Wontenipun pagebluk punika saestu betha kasisahan ingkang ageng tumrap masyarakat Indonesia, karana kathah tiyang ingkang kecalan tiyang sepuhipun, semahipun, anakipun, saha kecalan pendamelanipun. Saking kahanan ingkang kados mekaten punika, kathah tiyang ingkang mbetahaken pitulungan. Wonten gesang pasamuan ugi mekaten, awit dereng saged nindakaken kegiatan kados sakmestinipun, dadosaken pasamuan-pasamuan ngupaya kados pundi caranipun supados lampahing pasamuan punika boten ambruk. Puji Gusti ing kahanan ingkang kados mekaten punika, wiwit masyarakat biasa, para konglomerat, ngantos para pejabat kathah ingkang peduli.

Prabu Koresy raja Persia dereng jangkep setunggal tahun anggenipun dados raja, ananging sampun nindakaken prekawis ingkang sae sanget, inggih punika paring ijin dhateng bangsa Israel wangsul dhateng Yudea. Prabu Koresy ugi kagungan rancangan mbangun padaleman suci, ingkang sakderengipun dipun risak bangsa Babel. Perabotan pedaleman suci ingkang sakderengi dipun jarah, dipun wangsulaken malih dhateng pedaleman suci. Ngantos nabi Yesaya atur pamuji dhateng raja Koresy minangka pribadi ingkang dipun piji dening Gusti Allah (Yes. 45:1-4), awit piyambakipun sampun paring pitulungan lan pangluwaran dhateng bangsa Israel. Bangsa Israel ingkang ngalami kasusahan ingkang ageng, sapunika rumaos lega lan bingah sanget, karana Gusti Allah lumantar Prabu Koresy sampun peduli paring pitulungan.

Tiyang ingkang peduli dhateng sesami, estunipun mboten kebidung kuwasa, pangkat, lan banda donya, satemah kesupen nindakaken katresnan. Ananging lumantar berkah ingkang dipun tampi saking Gusti punika saged paring pambiyantu dhumateng sesami. Cariyos Prabu Koresy punika saged nyemangati kita supados tansah ngluhuraken asmanipun Gusti lumantar berkah ingkang sampun kita tampi ingkang wujud jabatan, bandha, lan berkah punapa kemawon. Kita saged paring pitulungan dhateng sesami kita ingkang mbetahaken lan kasisahan. Punapa malih ing wekdal samangke, kita kedah purun ndherek cawe-cawe nyengkuyung pasamuanipun Gusti supados tetep saged nindakaken peladosan lan ayahanipun. Kanthi mekaten, umpaminipun gesang kita punika dados carita, nggih dadosa carita ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. [GIK].

 “Padha-padha urip iki isa dadi crita, mestine kita kepingin dadi crita kang apik.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak