Waosan: Habakuk 3 : 2 – 6 | Pamuji: KPJ. 346a
Nats: “Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahing taun, inggih ing salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken, ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih palimirma.” (Ayat 2)
Wonten satunggaling ibu ingkang nyariosaken bilih putranipun mboten saged ngendaleni dhiri nalika emosi. Nalika putranipun punika emosi, piyambakipun wantun mecah gelas, piring, utawi kaca pangilon ingkang gumantung ing sainggilipun wastafel. Ibu punika ngraosaken kuwatos sanget tumrap kahanan putranipun lajeng mriksakaken putranipun dhateng psikolog. Psikolog punika lajeng maringi pelatihan kangge putra ibu punika, nalika emosi lare kalawau kedah latihan ngedalaken emosinipun lumantar nggambar ing kanvas lajeng dipun warnani. Wonten ing latihan punika, lare wau saya dangu saged tenang lan ibu punika sadar bilih emosi putranipun punika saged dipun kendaliaken kanthi sae lumantar cara ingkang sederhana lan kreatif.
Nabi Habakuk nyerat bilih Gusti Allah punika saged duka amargi bangsa Israel mboten setya dhumateng Panjenenganipun. Nalika mbalela, bangsa Israel kenging bebendu saking Gusti. Ananging sasampunipun duka, bangsa Israel nampi sih palimirmanipun Allah (Ay. 2). Bangsa Israel nampi pangluwaran saking Babel awit pitulunganipun bangsa sanes (Ay.3). Tegesipun, umatipun Allah kedah pasrah lan pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang badhe nindakaken karsan-Ipun. Gusti Allah ingkang kreatif kagem ngluwari lan mbebasaken umat-Ipun mawi maneka warni cara. Mila, pasrah dhateng Gusti Allah punika wujuding iman bilih Gusti Allah mesti melasi, paring pangapura, lan nresnani umat-Ipun.
Sadaya tiyang punika tamtu nate emosi. Raos emosi ingkang mboten saged dipun kendaleni kanthi sae punika, badhe nuwuhaken asil ingkang mboten sae kangge dhiri kita piyambak ugi dhateng tiyang sanes. Saklintunipun ngrisak hubungan paseduluran kaliyan sesami, ugi saged ndadosaken gesang kita sulaya. Mila Rasul Paulus ugi paring wejangan supados emosi punika wonten watesipun, inggih punika kedah rampung saderengipun srengenge ambles. (Ef. 4:26). Awit emosi punika saged mbikak kesempatan kangge iblis mlebet lan nguwasani gesangipun tiyang pitados. Karana punika kita kedah enget, nalika kita emosi sampun ngantos kita mutusi prekawis ingkang sifatipun penting. Sumangga, nalika kita emosi, kita saged mraktekaken tumindak ingkang kreatif. Amin. [BK].
“Emosi ingkang kreatif mboten dadosaken rugi.”