Waosan: 1 Korinta 1 : 18 – 31 | Pamuji: KPJ. 275 : 1, 3
Nats: “… balik aku padha martakake Sang Kristus kang sinalib, …” (Ayat 23)
Wonten tiyang ingkang ngupadi kanthi sanget nalika minggah redi. Ing pucuking redi punika, wonten Salib ageng ingkang kiyat, minangka pratanda karosan lan pangorbanan. Nalika tiyang punika ngraosaken lungkrah lan meh nyerah, piyambakipun ningali salib wau saking tebih, lan punika nuwuhaken semangat ugi pangajeng-ajengipun kangge piyambakipun. Matemah, sinaosa margi dhateng pucuking redi wau kebak tantangan, raos sakit, nanging salib punika dados penyemangat kangge nglajengaken lampahipun tumuju dhateng pucuking redi wau. Piyambakipun mangertos ing sasisihipun kasangsaran wonten kaunggulan.
Ing ayat 23, Rasul Paulus kanthi teges matur, “balik aku padha martakake Sang Kristus kang sinalib: mungguhing wong Yahudi dadi sandhungan lan tumrap kang dudu wong Yahudi dadi kabodhoan.” Salibipun Sang Kristus punika dados punjeripun iman kita, nanging kanggenipun jagad, salib punika dipun anggep karingkihan, kabodhoan, lan prekawis ingkang ngisin-isini. Kanggenipun tiyang ingkang mboten tepang kaliyan katresnanipun Gusti Allah, salib punika tandha kekirangan lan kaasoran. Nanging kangge kita ingkang pitados, salib punika lambang kaunggulan lan sihipun Gusti. Salib mboten namung bab kasangsaran, naning ugi kaunggulan saking dosa lan pati.
Gesang kita saged dipun gambaraken kadosdene tiyang ingkang minggah redi wau. Bilih karana iman, kita ewed nglampahi gesang, mangga kita tansah mandeng salibipun Sang Kristus. Mandeng salib punika mboten namung mandeng kasangsaran. Salib punika bukti katresnanipun Gusti Allah ingkang agung dhateng kita. Ing salib punika Sang Kristus sampun mbirat dosa-dosa kita. Saben kita mandeng salibing Gusti, kita kaengetaken bab ageng katresnanipun Gusti murih kawilujengan kita. Salib mucal kita bab pangorbanan, asoring manah, katresnan, ugi manut dhateng karsanipun Gusti. Salib mboten ngalangi kaunggulan, malah sarana salib punika, kaunggulan saged kagayuh. Sarana mandeng salib, kita saged kakiyataken nalika ngadhepi gesang ingkang kebak ing pacoben lan reribet, kanthi pangajeng-ajeng bilih ing sasisihipun salib wonten patangen (kebangkitan). Ing sasisihipun kasangsaran wonten kaunggulan ing salebetipun Gusti. Mangga kita tansah mandeng salibipun Sang Kristus, minangka tanda katresnanipun Gusti Allah ingkang sampurna lan margi dhateng gesang langgeng. Amin. [nn].
“Salibing Sang Kristus punika pralambang katresnan ingkang tanpa wates, kasangsaran ingkang dados rahayu.”