Waosan : Yosua 3 : 1 – 7 | Pamuji : KPJ. 178a
Nats: “Wiwit dina iki kowé bakal Dakluhuraké ing sangarepé bangsa Israèl, temahan wong kabèh bakal padha ngurmati marang kowé lan ngerti yèn Aku nunggil karo kowé, kaya enggon-Ku nunggil karo Musa.” (Ay. 7)
Pemimpin populis punika pemimpin ingkang saestu nggadahi tanggeljawab nggatosaken kabetahanipun masyarakat. Pemimpin populis punika mboten namung wicaksana ananging ugi nindakaken kewajibanipun kanthi saestu, wantun, cerdas lan nggadahi integritas. George Washington, Ir. Sukarno, Martin Luther King Jr lan Nelson Mandela punika klebet pemimpin populis. Pitakenanipun, kathah tiyang kepengen dados pemimpin ingkang populis, inggih punika pemimpin ingkang saged mbekto perubahan lan migunani kangge masyarakatipun. Ananging kados pundi caranipun supados saged dados pemimpin ingkang mekaten?
Yosua punika kalebet pemimpin ingkang kapiji dening Gusti Allah mimpin bangsa Israel. Mboten gampil mimpin bangsa Israel ingkang nggadhahi watak wangkot. Punapa malih, Yosua punika nglajengaken kepemimpinanipun Musa. Saestu punika mboten gampil awit Musa kalebet pemimpin ingkang populis, nggadahi jasa lan sejarah kepemimpinan ingkang ageng sanget dhateng bangsa Israel. Sakmenika wancinipun Yosua dipun uji kepemimpinanipun, nalika bangsa Israel kedah nyebrang lepen Yarden. Prekawis mlebet tanah Kanaan punika mboten gampil, ananging Yosua sampun angsal pangatag saking Gusti Allah bilih piyambakipun badhe tansah dipun kanthi dening Gusti (ay.7). Panganthinipun Gusti Allah, kadosdene panganthinipun Gusti Allah dateng nabi Musa dados kekiyatanipun Yosua, mimpin bangsa Israel nyebrang lepen Yarden. Lan Gusti Allah lumantar pethi Prajanjian ingkang mlampah ing sak ngajengipun bangsa Israel.
Kepemimpinan saged populis amargi sampun dipun uji kaliyan prekawis-prekawis ingkang awrat sanget, sampun nglangkungi sedaya usaha pambudidaya gesang. Kepemimpinan populis kaluhuraken amargi perjuangan lan menang saking medan perang. Sedaya kalawau saged dipun lampahi amargi Gusti Allah piyambak ingkang nganthi lan pemimpin kalawau tansah nindakaken karsanipun. Amin (BK).
“Tiyang saged dados pemimpin punika amargi leladi nindakaken karsanipun Gusti”