Malati Pancaran Air Hidup 15 Agustus 2025

15 August 2025

Waosan: 1 Samuel 5 : 1 – 12  |  Pamuji: KPJ. 109
Nats: “Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” (Ayat 11)

Punapa ingkang wonten pemanggih panjenengan mireng tembung “malati”? Tembung malati punika nggadhah teges barang ingkang sampun dipun sengkeraken, ingkang kagungan daya bilih barang punika dipun owahi utawi dipun ginakaken sacara sembrono. Contonipun arta pisungsung ingkang sampun dipun sengker lan dongakaken. Pisungsung punika saged dados lantaran berkahipun Gusti bilih dipun rigenaken kanthi temen lan pener. Nanging bilih arta pisungsung punika dipun owahi utawi dipun korupsi, punika badhe nuwuhaken kacilakan kanggenipun tiyang ingkang ngowahi utawi korupsi arta pisungsung punika. Gesangipun mboten badhe ayem tentrem awit piyambakipun sampun tumindak dosa.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken bab Pethining Gusti Allah (Tabut Perjanjian) ingkang manggen ing satengah-tengahing bangsa Filisti. Kacariosaken bangsa Filisti ngrebut pethinipun Gusti Allah punika saking bangsa Israel, lajeng dipun pindah saking Eben-Haezer dhateng Asdod (Ay. 1). Pethi punika lajeng dipun papanaken ing sandingipun brahala Dhagon. Ing wanci enjingipun, Dhagon punika tinemu gumluntung mengkurep ing lemah. (Ay. 3). Gusti Allah ugi ngukum tiyang-tiyang Asdod kaliyan lelara wudun (Ay. 6). Mila para tiyang Asdod sami rembagan supados pethining Gusti Allah punika dipun pindah dhateng Gat. Sak sampunipun ing Gat, Gusti Allah ugi ngukum para tiyang ing Gat mawi lelara wudun kados ing Asdod. (Ay. 9). Lajeng dipun pindah malih dhateng Ekron, lan kedadosan ingkang sami kelampahan malih. Pungkasanipun para pangarsaning bangsa Filisti rembagan kangge mangsulaken malih pethining Gusti Allah punika dhateng Israel (Ay. 11).

Ing sasi pambangunan GKJW punika, kita sami dipun engetaken supados kita temen anggen kita nindakaken ayahan kita minangka umat-Ipun Gusti. GKJW punika greja kagunganipun Gusti ingkang kedah dipun rimati, dipun tresnani kaliyan sedaya warga pasamuwan. Mangga kita sesarengan sami sangkul sinangkul makarya ing kebonipun Gusti ing GKJW. Sampun ngantos kita tumindak awon lan nyilakani kawontenanipun GKJW. Saestu Gusti nresnani kita lan tansah mberkahi kita ingkang setya nindakaken ayahanipun mbangun GKJW kanthi kebak katresnan lan kabingahan. Amin. [AR].

“Sampun ngantos kita gesang sak pikajeng kita piyambak, nanging manuta Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak