Waosan: Yesaya 60:15-22 | Pamuji: KPK 178
Nats: “…sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup….”(ayat 20)
Kula bingah sanget menawi ing wanci dalu griya ingkang kula panggeni punika tansah padhang. Lampu dipunpasang ing saben kamar lan pojok-pojoking griya. Menawi kathah lampunipun suasananipun griya boten ketingal surem. Boten namung punika, griya ingkang padhang ndadosaken raos ajrih saged ical. Benten menawi kawontenaning griya punika surem, langkung-langkung peteng ndeded, tamtu ndadosaken raos ajrih.
Nanging supados griya tansah ketingal padhang, mbetahaken biaya ingkang kathah. Biaya listrik asring mindhak, awit boten wonten subsidi malih saking pemerintah. Awit griya punika kedah tansah padhang, senaosa kedah ngedalaken biaya kathah, mboten dados punapa.
Suasana padhang pancen mbingahaken. Mboten namung padhaning griya nanging ugi padhanging manah. Langkung – langkung menawi manah kita kraos peteng ndeded, pepadhang tamtu dipun betahaken. Kados dene bangsa Israel ingkang kala semanten ngraosaken pepeteng awit momotan, dosa lan kalepatanipun. Ing kawontenan ingkang kados mekaten Gusti dhawuh, bilih Panjenenganipun badhe dados pepadhang ingkang langgeng. “…sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup….”(ayat 20). Menawi pepadhang punika Gusti Allah piyambak, pepeteng boten badhe nglimputi malih.
Kados pundi kawontenan kita ing samangke? Kita mboten saged selak menawi pepeteng taksih asring nglimputi gesang kita. Nanging sampun ngantos kuwatos, Gusti Allah dados pepadhang ingkang langgeng. Ing samangke, Panjenenganipun ugi dados pepadhang kita. Punika ndadosaken kita bingah. Awit wonten ingkang tansah saged paring pepadhang menawi pepeteng nglimputi ing manah. Ingkang wigatos, kita kersa mbikak manah kita dhumateng Gusti Allah. Boten malah nutup lan mlajeng saking Gusti. Amin. (SWT).
“Gusti Pepadhanging Jagad”