Bacaan: 1 Samuel 3: 1-10 I Pamuji: KPJ.144: 1,5
Nats: “Samuel durung wanuh karo Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah durung tau kawedhar marang Samuel.” (ayat 7)
Menapa ingkang kita raosaken menawi kita dereng wanuh kaliyan perkawis tertamtu? Limrahipun kita nggadhahi pitakenan bab perkawis menika. Kita rumaos asing kaliyan perkawis menika lan boten nggadhahi kawigatosan dhumateng perkawis kalawau. Mila wonten unen-unen basa Indonesia: „Tak Kenal Maka Tak Sayang.” Karana boten wanuh mila boten nggadhahi raos tresna.
Samuel taksih alit nalika tiyang sepuhipun masrahaken piyambakipun dhumateng Imam Eli. Waosan kita nyariosaken Samuel ingkang bingung nalika piyambakipun dipuntimbali dening Allah ing wanci dalu. Rumaosipun dipuntimbali nanging nalika dipuntlesik pranyata sanes Imam Eli ingkang nimbali. Kaping tiga anggenipun Samuel sowan dhumateng Imam Eli lan dereng saged ngrumaosi menapa satemenipun ingkang kedadosan.
Kenging menapa Samuel boten saged ngrumaosi perkawis mirunggan menika? Penulis kitab Samuel paring katrangan ing ayat 7. Kaaturaken ing ayat 7 bilih Samuel dereng wanuh kaliyan Allah amargi dhawuhipun Gusti Allah dereng nate dipunpirengaken dhateng Samuel. Gusti Allah dereng kersa pitepangan kaliyan Samuel . Amargi boten nate nggadhahi pengalaman mirunggan kaliyan Gusti Allah, mila Samuel boten saged enggal-enggal sadhar bilih ingkang nimbali piyambakipun inggih Gusti Allah piyambak. Pitepangan antawisipun Gusti Allah kaliyan Samuel saged kaleksanan nalika Gusti Allah ngersakaken. Samuel ugi purun lan sumadya pitepangan kaliyan Gusti Allah lumantar dhawuhipun Imam Eli.
Minangka tiyang pitados, kita ugi dereng tamtu saged saestu tepang kaliyan Gusti Allah. Kita boten badhe saged enggal-enggal sadhar dhumateng timbalanipun Gusti menawi kita boten nggadhahi pengalaman mirunggan ingkang pribadi kaliyan Gusti Allah. Pengalaman menika dereng kita gadhahi saged amargi Gusti Allah dereng ngersakaken, saged ugi amargi kita dereng purun saestu mbikak manah kangge nggadahhi sesambetan pribadi kaliyan Gusti Allah. Mila enggala mbikak manah.(Dn)
“ Tansaha sumadya pitepangan kaliyan Gusti Allah.”