Pangapura Pancaran Air Hidup 13 September 2026

13 September 2026

Waosan: Mateus 18 : 21 – 35  |  Pamuji: KPJ. 48
Nats: PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu. (Ayat 22)

Kathah prekawis ingkang ndadosaken tiyang mboten saged paring pangapura dhateng tiyang sanes. Asring kita mirengaken tembung, “ngapura punika mboten gampil.” Pitakenan ingkang kedhah kita galih, “Kenging punapa ngapura punika ewed? Paring pangapura punika mboten gampil amargi kita taksih nyimpen raos kuciwa lan dendam dhateng tiyang ingkang lepat dhateng kita. Paring pangapura punika mbetahaken manah ingkang jembar lan nglenggana. Satunggaling penulis, Joyce Mayer nyerat tulisan “forgive” utawi ngapura punika, kawangun saking kalih tembung, for (kanggo) lan give (maringi). Pramila paring pangapura ateges tumindhak maringi ping kalih utawi maringi ingkang linangkung dhateng tiyang ingkang sejatosipun nggadhahi kalepetan dhateng kita. Sanadyan paring pangapura punika mboten gampil, ananging mboten ateges paring pangapura punika mboten saged kelampahan. Raos welas asih ing manah kita, saged ngungkuli lan mrantasi sadaya prekawis ingkang dados pekewed kangge paring pangapura. Raos welas asih ndadosaken kita saged ngapura kalepatan tiyang sanes.

Wonten ing waosan kita nyariosaken pirembagan antawisipun Petrus kaliyan Gusti Yesus. Nalika semanten Petrus atur pitakenan dhumateng Gusti Yesus, “Punapa piyambakipun kedah ngapura tiyang ingkang lepat dhateng piyambakipun ngantos kaping pitu?” Lajeng Gusti Yesus ngandika bilih piyambakipun kedah paring pangapura: ”Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitung puluh ping pitu. Kanthi tembung sanes Gusti Yesus nedahaken bilih paring pangapura punika mboten wonten watesipun. Paring pangapura punika nglangkungi ukuran bathi utawi rugi. Menawi Petrus namung fokus dhateng pitungan kaping pitu, punika ateges piyambakipun taksih kajebak pitungan bab paring pangapura, sanes adhedhasar raos welas asih.

Saking piwucal bab paring pangapura punika, ingkang kedah kita tindakaken mboten namung wigatos kangge kesehatan mental kita kemawon, nanging ugi kagem tuwuhipun iman kapitadosan kita. Sumangga kita paring pangapura tiyang ingkang lepat dhateng kita, awit srana paring pangapura, iman kapitadosan kita mboten dados ringkih, nanging sangsaya tuwuh ngrembaka lan manah kita badhe ayem tentrem. Amin. [iv].

“Namung pangapura kang bisa mbekta leganing jiwa raga.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak