Ngakeni Panerak Pancaran Air Hidup 13 September 2025

13 September 2025

Waosan: Jabur 51 : 1 – 10  |  Pamuji: KPJ. 441
Nats: “Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat. Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.” (Ayat 4-5)

Wonten satunggaling paribasan mekaten: “Gajah di pelupuk mata tak nampak, semut di seberang lautan nampak.” Paribasan punika ngemu suraos ningali utawi ngetang kelepatanipun tiyang sanes punika langkung gampil tinimbang ngrumaosi kalepatanipun piyambak. Purun ngrumaosi kalepatanipun piyambak pancen mbetahaken manah ingkang legawa lan tinarbuka. Kadosdene nalika kita ngadeg wonten sak ngajengipun kaca, kadang kala namung saklebatan. Kita mboten ningali kanthi satiti wontenipun rambut ingkang sampun pethak, peranganing badan ingkang tatu lan mbetahaken kawigatosan. Ngakeni panerak punika kados dene tiyang ingkang ngadeg ing sak ngajengipun kaca, lajeng ningali kanthi satiti lan tinarbuka tumrap lampahing gesangipun ingkang mboten sampurna.

Waosan kita dinten punika nelakaken bab pratelanipun Prabu Dawud anggenipun ngakeni panerak ingkang sampun katindakaken. Prabu Dawud ngrumaosi bilih anggenipun laku bedhang kaliyan Batsyeba nerak dhawuh Pangandikanipun Gusti. Sasampunipun kawelehaken dening Nabi Natan, piyambakipun nglenggana lan mratelakaken pengakening dosa lumantar pepujen Mazmur. Prabu Dawud pitados bilih namung Gusti Allah ingkang saged mbirat dosa lan panerakipun. Gusti Allah maha welas asih, tamtu kersa paring pangapunten tumrap tiyang ingkang purun ngakeni dosa lan panerakipun. Kanthi andhap asor, Prabu Dawud nyuwun supados Gusti kersa nglebur dosanipun. Ngrumaosi bilih dosa punika ndadosaken piyambakipun mboten suci malih gesangipun, mila wonten ing ayat 4 Prabu Dawud nyuwun kasucekaken malih awit saking sih kadarmanipun Gusti.

Manungsa punika titah ingkang ringkih, asring dhumawah ing panerak lan dosa. Sanadyan mekaten karingkihanipun manungsa mboten pareng kadadosaken pawadan anggenipun laku dosa. Kanthi ngrumaosi bilih kita titah ingkang ringkih, kita kedah ngginakaken pangucap kita kanthi ngati-ati. Sampun ngantos damel pisakit tumraping liyan, ugi bab pandamel lan pratingkah kita, kita kedah mbudidaya prekawis ingkang sae. Ngakeni panerak sanes prekawis ingkang mirangaken. Ngakeni panerak tegesipun kita nggadahi manah ingkang jembar lan purun ngakeni kekirangan. Sumangga kita tansah ningali kawontenan kita lan nyuwun pangapura menawi kita asring damel dosa dhumateng Gusti lan sesami. Amin. [ANS].

“Ngakeni panerak punika wiwitanipun manungsa wangsul dhateng margining kayekten.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak