Piranti Pancaran Air Hidup 13 September 2023

Waosan: Kaimaman 16 : 1 – 5, 20 – 28 | Pamuji: KPJ. 144
Nats: “Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.” (Ayat 2)

Gusti Allah karsa ngatingal dhateng bangsa Israel lumantar Dina Ageng Karukunan. Pramila, Harun minangka imam bangsa Israel kedah mbekta sapi lanang satunggal kangge nucekaken dosanipun piyambak lan brayatipun. Ugi bekta wedhus gèmbèl lanang satunggal kangge kurban obaran. Tiyang-tiyang Israel ing patemon dinten punika kedah nyawisaken wedhus berok lanang kalih cacahipun kangge kurban pangruwat lan wedhus gèmbèl lanang setunggal kangge kurban obaran. Wedhus-wedhus lanang setunggal kedah dipun-undhi ing ara-ara samun, satunggal sanesipun kedah dipun sembelèh. Upacara korban punika minangka salah satunggiling cara ingkang dipun kersakaken Gusti Allah kangge ngentasaken umatipun saking dosa. Lumantar upacara korban punika ugi, Gusti Allah paring pepenget bilih Panjenenganipun punika kebak sih rahmat. Panjenenganipun ingkang kagungan inisiatif kangge mangun karukunan. Ingkang dados kersanipun Gusti Allah namung satunggal, inggih punika para umat sami setya anggen netepi angger-angger-Ipun punika.

Kasetyanipun umat anggen netepi angger-anggering Gusti Allah punika dados pratandha/bukti bilih umat purun lan kanthi gumolonging manah ngakeni pangandikanipun Gusti Allah punika suci. Namung sawiji pedoman kangge gesang kebak karahayon, inggih punika netepi  gesang miturut angger-anggering Allah. Boten wonten angger-angger/piwucal sanes ingkang saged nuntun tumuju gesang ingkang sejatos, kejawi piwucalipun Gusti Allah ing Kitab suci.

Kanggenipun kita umat prajanjian enggal, tamtu Gusti Yesus ingkang dados panutan ing gesang kita padintenan. Piwucal-piwucalipun ing Kitab Suci sageda nuntun kita umat-Ipun kangge nuladhani punapa kemawon ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus. Kitab Suci punika sarana kangge kita pinanggih Sang Kristus, piranti kangge kita para pitados nunggil raket kaliyan Sang Kristus. Kadosdene Fransiscus saking Assisi, piyambakipun mujudaken spiritualitas gesang lumantar nuladha Sang Kristus ing salebeting gesangipun. Fransiscus ndadosaken Kitab Suci minangka piranti kangge manggihi Sang Kristus. Kadospundi kaliyan kita? Mugi kita sami, saged manggihi Sang Kristus sarana maos lan gegilut Sabdaning Gusti ing Kitab Suci. Amin. [ES].

“Ayat-ayat Kitab Suci dadi urip lan murup amarga patunggilan kang raket antaraning para pitados lan Sang Kristus.”

 

Bagikan Entri Ini: