Ringkih Pancaran Air Hidup 13 Oktober 2024

13 October 2024

Waosan: Markus 10 : 17 – 31  |  Pamuji: KPJ. 334
Nats: “Bareng krungu pangandika mangkono iku, wong mau gela atine, banjur mundur kalawan sedhih, amarga akeh barang darbeke.” (Ayat 22)

Ingkang kula serat punika sanes dongeng, nanging kasunyatan. Nalika wanci dauran pinituwa-diaken wonten salah setunggal nem-neman ingkang kapilih dados calon diaken. Sasampunipun nami-nami calon pinituwa-diaken kawartosaken ing satengahing pangabekti, lare nem kalawau lajeng sowan dhateng pak pendhita. Piyambakipun nyuwun pirsa, “Pak, apakah menjadi diaken itu memperoleh honor?” Pinten dinten sasampunipun sowan saking pak pendhita lare nem kalawau ngintun serat pengunduran dhiri saking pencalonan diaken. Kula pribadi babar pisan boten nyalahaken lare nem kalawau, malah remen awit piyambakipun blaka lan wantun nglairaken isining manah, “Wong aku arep ngladeni tenanan sing mbutuhake wektu, tenaga, lan uga dana; rak lumrah yen oleh pituwas.” Kula gadhah piyandel yen lare nem kalawau namung betah dipun celaki lan dipun ajak ngobrol, lan mangke rak mangertos piyambak yen dados diaken punika tanpa gaji. Katimbang ingkang ketingalipun nampi kanthi manah legawa/ tanpa pamrih nanging nyatanipun boten nindakaken tanggel-jawabipun.

Waosan kita nyariosaken lare nem ingkang lajeng kesah sasampunipun Gusti Yesus dhawuh, “…Mundura, barang darberkmu dolana kabeh…” punika paring gambaran:

  1. Sansaya kathah kagungan raja brana murugaken raos gumantung kaliyan raja brana sansaya kiyat lan ageng, awit raja brana punika kados magnit.
  2. Meh, kita sadaya sikapipun sami kaliyan nem-neman kalawau. Purun ngladosi nanging sampun ngantos murugaken gesang kula kasrimpet momotan awrat. Purun gesang sae nanging sampun ngantos kula rugi!
  3. Boten wonten tiyang ingkang saged gesang sampurna ing ngarsanipun Gusti.

Pramila, sinten kemawon kita perlu nglambari gesang kanthi sikap andhap asoring manah, awit kita boten badhe saged nglampahi gesang kanthi sampurna! Mangga kita sami nyuwun kakiyatan saha kawicaksanan dhumateng Gusti supados nalika kita dipun pitados dados abdinipun Gusti, saged kita tindakaken kanthi manah sukabingah lan saos sokur. Sampun ngantos kita ngladosi Gusti kanthi kapeksa nanging mangga kita ngladosi Gusti kanthi temen minangka sembah bekti kita dhumateng Gusti ingkang sampun paring kawilujengan ing gesang kita. Amin. [smdjn].

“Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku, kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak