Waosan : Mateus 15 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ 124
Nats: “Tanpa guna anggone padha ngabekti marang Ingsun, dene piwulang kang diajarake iku pepakoning manungsa.”[ayat 9]
Ing sawijining dinten, kula ndherek kanca-kanca ing sekolahan tumbas jajanan werni-werni. Biasanipun bapak lan ibu mboten marengaken kula njajan sembarangan awit pirsa bilih jajan punika mboten sehat, saged ndadosaken kula sakit. Nanging kula nekat manut ajakanipun kanca-kanca, boten manut dhawuhipun bapak ibu amargi menawi kula mboten njajan kula ajrih kaliyan kanca-kanca. Dalunipun kula ngraosaken sakit ingkang saestu, tamtu diobati kaliyan ibu bapak nanging ugi dipundukani. Napa ingkang kula tindakaken punika kula raosaken mboten wonten gunanipun kangge kula, kangge tiyang sepuh ugi kanca-kanca.
Menawi bapak ibu ndukani kula, kadang kula rumaos bapak ibu mboten ngertos karemenanipun lare mila kula langkung ndherek kanca-kanca tinimbang nahan diri mboten jajan kados pituturipun bapak ibu. Nalika ngraosaken sakit, kula nembe sadhar lan sedhih.
Kadhang kala kita rumaos bilih nresnani Gusti Allah Sang Rama punika kados sarujuk kaliyan pituturipun bapak ibu, nanging mboten dipuntindakaken. Muspra tanpa guna. Kita kesupen bilih tresna punika sanes kata benda nanging kata kerja. Tresna punika kedah dipuntindakaken. Caranipun nggih nindakaken menapa ingkang dipundhawuhaken. Karana Gusti Allah Sang Rama ingkang nitahaken para manungsa kalebet tiyang sepuh kita, mila nresnani tiyang sepuh punika sami kaliyan nresnani Gusti Allah Sang Rama (ay.4). Mboten ateges tiyang sepuh kita dadosaken gusti kita, ananging nresnani lan ngajeni tiyang sepuh, sedherek lan sesami, minangka titahipun Gusti sami kaliyan nresnani Gusti. Mila nalika sareng kaliyan sesami, kita kedah tansah emut dhumateng ingkang nitahaken supados lampah kita mboten sapikajeng kita piyambak nanging tansah ngajeni lumantar gesang tresnan-tinresnan saben dinten. Gesang ingkang mekaten sejatosipun ugi wujud sanes saking ibadah dhumateng Gusti Allah lan langkung migunani kangge sinten kemawon.[fani]
Tresnan tinresnan minangka pangabekti ingkang sejati.