Mekrating Gusti Yesus Pancaran Air Hidup 13 Mei 2021

13 May 2021

Waosan:  Lelakone Para Rasul 1 : 1 – 11  |  Pamuji :  KPJ. 280 : 1, 3
Nats:
“Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.” (Ayat 8)

Sakderengipun tilar donya, pak Bejo ngempalaken para putranipun saperlu dipun pangandikani lan atur pesen ingkang pungkasan. Pak Bejo ngendika, ”Anak-anakku, anggene bapakmu urip neng alam donya iki mung sedela maneh. Mulane kowe kabeh padha sing rukun, padha tulung tinulunga siji lan liyane. Bapak pesen, kowe kabeh kudu tetep setya lan bekti marang Gusti Yesus, awit Gusti Yesus iku sumbering panguripan lan katentreman.” Para putranipun pak Bejo sami ngestokaken Menapa ingkang dados pangandikanipun pak Bejo menika sarta prajanji badhe gesang rukun lan setya tuhu dhateng Gusti Yesus.

Sakderengipun Gusti Yesus sumengka dhateng swarga, Gusti Yesus gulawentah para sakabatipun supados tetep gesang ing patunggilan lan dumunung ing kitha Yerusalem ngantos tumedaking Sang Roh Suci. Gusti Yesus prajanji tansah nganthi lan nunggil para sakabat,  sarta badhe maringi “kasekten” nalika Sang Roh Suci nedhaki para sakabat. Lumantar “kasekten” menika, para sakabat dipun paring kakiyatan lan kuwaos kangge nindakaken ayahan dados seksiNipun Gusti Yesus wiwit saking Yerusalem, Yudea, Samaria ngantos ing pungkasaning bumi. Sak sampunipun, Gusti Yesus sumengka dhateng swarga lan mberkahi para sakabatipun. Selajengipun para sakabat sami nindakaken pangandikanipun Gusti Yesus, wangsul dhateng Yerusalem lan ngrantos tumedaking Sang Roh Suci.

Dinten menika, kita mengeti dinten mekratipun Gusti Yesus. Dinten kangge kita sami ngraosaken pakaryanipun Gusti Yesus ingkang adi dhateng kita. Prajanjinipun Gusti Yesus dhateng para sakabat ugi dados prajanjinipun Gusti Yesus kangge kita sedaya. Kita kaparingan “kasekten”, inggih menika Sang Roh Suci ingkang nunggil gesang kita. Kados Gusti Yesus nyuwun para sakabat supados tetep dedonga lan ngrantos tumedaking Sang Roh Suci, Gusti Yesus ugi nyuwun dhateng kita supados tetep dedonga nyuwun kakiyatan, kasagedan kangge nindakaken gesang dados seksiNipun. Ing GKJW, dinten menika, kita sami miwiti wulan Kesaksian lan Peladosan, sumangga kita saged dados seksinipun Gusti Yesus salebeting gesang, brayat, pasamuan lan ing satengah-tengahing masyarakat. (AR).

“Gusti Yesus sumengka dhateng swarga, Sang Roh Suci tumedak dhateng kita tansah nunggil gesang kita”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak