Umat Ingkang Nyawiji Renungan Harian 13 Mei 2019

13 May 2019

Waosan : Yehezkiel 37 : 15 – 28 | Pamuji : KPJ 357
Nats : “… bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe, ana ing gunung-gununge Israel, tuwin raja siji kang bakal ngereh wong iku kabeh, banjur ora dadi bangsa loro maneh …” [ayat 22]

Nyawiji menika tembung ingkang endah, ingkang dipun ajeng-ajeng kalian para tiyang sepuh dumateng putra wayahipun nalika dinten riyadi inggih menika saget nyawiji. Katresnanipun Gusti dumateng umat Israel ndadosaken Israel saget nyawiji malih. Gusti tansah setya dumateng janjinipun senadyana dipun langgar kalian umatipun piyambak. Gusti tetap setya dados Allah Israel lan Israel dados umat ipun (23b). Gusti badhe wungokaken malih Daud dados raja ingkang ngengon Israel. Lumatar prabu Daud ingkang sak menika perjanjian tentrem rahayu lan kekal badhe dipun lampahi sepisan malih. Gusti piyambak ingkang badhe nuntun umatipun ngantos ing padalemanipun.

Nabi Yehezkiel dipundawuhi Gusti supados nyawisaken kalih lembar papan ingkang wonten tulisanipun Efraim lan Yehuda. Panjenengane kedhah saget nyatungilaken kalih papan kala wau dados satunggal. Artosipun Efraim lan Yehuda ing astanipun Gusti kedhak dados satunggal ( 16-19 ). Nalika Efraim lan Yehuda saget dados satunggal wonten berkah ingkang badhe dipun tampi saking Gusti. Berkah ingkang sepisan: Ayat 21-22: Bangsa Israel badhe dipun betha wangsul kalian Gusti lan Gusti piyambak ingkang badhe nuntun saking negeri monco. Berkah Ingkang kaping kalih Ayat 23; bangsa Israel badhe dhipun sucekaken saking brahala, artosipun Gusti piyambak ingkang nyampurnaaken umatipun supados gesang suci ing pendalemanipun ingkang suci sak lami-laminipun. Berkah ingkang kaping tiga Ayat 26b-28: Gusti Allah piyambak ingkang badhe pinarak ing sadhengah pigesangan bangsa Israel.

Sumangga kita ingkang dados umatipun Gusti ing zaman sak punika, sami nglampahi gesang enggal ing ngarsanipun Gusti. Sampun ngantos kita nglampahi gesang piyambak-piyambak napa malih cecongkrahan. Ananging saget wujudakan persatuan lan kesatuan ingkang nyoto karana Gusti Yesus dados ratu lan sang Juru pangon kita. Amin [Bu-Lek ]

“Dados setunggal boten namung dados satunggal, ananging dados satunggal karana tuntunanipun Gusti “

Renungan Harian

Renungan Harian Anak