Saos Syukur Pancaran Air Hidup 13 Maret 2021

13 March 2021

Waosan :  Jabur 107 : 1 – 3,  17 – 22 |  Pamuji : KPJ. 176 : 1
Nats
: “Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!” (Ay. 1a)

Saos sokur punika gampil kita tindakaken nalika kita nampeni berkah, batos kita bingah. Umpaminipun kita nampeni promosi mindak pangkat, lulus ujian, pikantuk pendamelan,  angsal jodho, nembe pikantuk hadiah lsp. Senaosa mekaten kadangkala wonten tiyang ingkang nampeni berkah saking Gusti Allah ananging kesupen kaliyan Gusti Allah ingkang maringi berkah. Pitakenipun punapa kita saged saos sokur nalika kita nandhang kasisahan,  kaprihatosan, kacingkrangan, kacilakan, nampi pandadar lan nandhang sakit?

Juru Mazmur ngatag dhumateng para umat supados tansah saos sokur awit Sang Yehuwah punika sae. Kasaenanipun Gusti Allah punika kabukti salebeting gesangipun bangsa Israel, ing pundi bangsa Israel dipun tebus lan dipun kempalaken dados umatipun Gusti. Bangsa Israel tamtu nggadhahi pengalaman nate kabucal, gesangipun mboten mardika, kecalan pengajeng-ajeng. Pengalaman ingkang mboten saged dipun supekaken inggih punika : sepisan 400 tahun bangsa Israel wonten tanah pangawulan ing Mesir, kaping kalih selami 70 tahun bangsa Israel ing tanah pangawulan Babil. Punapa Gusti Allah negakaken umatiPun? Mboten. Senaosa bangsa Israel mboten setya nanging Gusti Allah tetep setya, Gusti Allah ngrimati umatipun wonten ing ara-ara samun kanthi paring pangoyaman ing wekdal siang lan dalu, maringi tetedan roti lan daging, nyekapi kabetahan toya, uwal saking bebaya saking bangsa sanes. Punika wujud katresnanipun Allah ingkang tanpa upami. Prastawa ingkang mekaten punika ingkang kedah dipun sukuri dening bangsa Israel.

Saking waosan kalawau kita ugi dipun engetaken bilih Gusti Allah punika sae. Gusti Allah punika setya, senaosa kita asring mboten setya. Pramila sumangga kita ngenget-enget sepinten pangrimatanipun Gusti Allah dhumateng gesang  lan brayat kita. Mangga kita tansah saos sokur ing samubarang ingkang tinemu. Kita nebihi tumindak gesang saking patrap gesang nggresah, ngersula, rumaos sarwa kirang, nggrundel. Awit patrap gesang ingkang mekaten mujudaken iman kita mboten dewasa. Sedaya sampun dipun tata dening Gusti Allah, kita namung sadrema nglampahi. Rejeki, momotan, ujian tujuanipun sae inggih punika supados iman kita kiyat ngadepi kawontenan donya punika. Gusti tansah mberkahi. Amin. (Jian).

“Gesang saos sukur inggih punika gesang ingkang tansah nampi punapa peparingipun Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak