Waosan : Pangentasan 16 : 9 – 21 | Pamuji : KPJ. 181
Nats: “Sabanjure anggone padha ngukupi saben esuk. Saben wong manut tadhahe dhewe, awit samangsa kapanasan, banjur ledeng.” (Ay. 21)
Wonten dongeng klasik saking India bab tukang cukur rambut ingkang nyukur wonten ing ngandhapipun wit ringin. Salah satunggaling dinten, roh ingkang njagi wit punika ngatingalaken wujudipun. Tukang cukur punika kaget. Nanging roh punika ngandikan, “Aja wedi! Muliho! Wis ra usah bingung-bingung nyukur rambut maneh! Wis tak sediyani sembarang kalir kebutuhanmu!” Tukang cukur punika lajeng wangsul lan nemahi bilih ing griyanipun wonten 8 gentong isi kepeng emas. 7 gentong kebak kepeng emas, nanging 1 gentong ing pojokan namung isi separuh kemawon.
Saben ningali gentong ing pojokan, tukang cukur kala wau rumaos kesel, kok isinipun namung separuh. Piyambakipun lajeng nyade barang-barangipun, asil saking sadean punika diwujudaken kepeng emas dipun lebetaken ing gentong pojokan dereng kebak ugi. Peralatan cukuripun dipun sade, tanahipun dipun sade, ngantos griyanipun ugi dipun sade piyambakipun namung tilem ing gubug alit. Nanging sakathahe punapa anggenipun ngisi gentong punika, boten kebak-kebak ugi. Salah satunggaling dinten, sasampunipun tilem, tukang cukur kala wau mboten nemahi setunggal kemawon gentong ing ngriku, sedaya ical. Piyambakipun sedhih sanget, nangis nglokro.
Cekap aos, punika ingkang dipun wucalaken dening Gusti mawi waosan kita kala wau. Gusti boten badhe nilar kita, kabetahan kita kados dene kabetahanipun tiyang Israel badhe kacekapan. Nanging anggenipun paring berkah nggih cekap aos. Menawi kalangkung-langkung, saged kemawon malah boten dados berkah. Mujudaken raos sokur mawi prekawis ingkang kita tampi, punika ingkang paling utami. Mburu nepsu, sakathahing punapa ingkang kita tampi, ingkang kita gadhahi, tansah badhe kirang kemawon.
Mahatma Gandhi, ingkang ugi saking India nate ngendikan, “Jagad punika cekap kangge kebetahanipun sedaya tiyang, nanging boten saged nglegaaken tiyang srakah (rakus).” Mugi sakathahing punapa berkah ingkang kita tampi, kita saged saos sokur ing sedaya kawontenan, awit punika kunci gesang ingkang kebak kabingahan. Saos sokur nalika cekap, saos sokur nalika kathah, saos sokur nalika sakedhik. (Gide).
“Jagad punika cekap kangge kebetahanipun sedaya tiyang, nanging boten saged nglegaaken tiyang srakah (rakus)”