Masa Mudaku Pancaran Air Hidup 13 Juni 2022

Waosan: Wulang Bebasan 7 : 1 – 4 ǀ Pamuji: KPJ. 196 : 1
Nats:
“He anakku , estokna pituturku, sarta pepakonku simpenen ing atimu.” (Ayat 1).

“Masa muda, sungguh senang, Jiwa penuh dengan sukacita
Dengan api yang tak kunjung padam, selalu membakar dalam kalbu.”

Pancen ayem sanget, nalika kita nembang lagu punika kanthi ngengeti wayah nem-neman ingkang bingahaken saha kebak ing semangat. Kita ngengeti bilih “masa muda” punika masa pencarian jati diri ing pundi para nem-neman sami sinau kanthi ngicipi samubarang prakawis. Kasunyatanipun taksih kathah para nem-neman ingkang langkung remen tumindak awon, awit pitutur ingkang wicaksana saking tiyang sepuh, guru utawa pendita asring boten mempan karana asring lena ing panggodha. Pramila kedahipun para nem-neman boten namung ngengeti tembang “Masa Muda” punika ing padha sepisan mawon, nanging ugi padha kapindho prayoginipun kedah dipun gatosaken: “Masa mudaku, masa yang terindah, Masa Tuhan memanggilku; Masa mudaku, masa yang kukenang, ku tinggalkan semua dosaku.

Prabu Suleman minangka abdinipun Gusti Allah ingkang wicaksana pirsa sanget kahananipun para nem-neman ingkang gampil owah anggenipun ngadhepi tantangan lan panggodha ing sakiwa tengenipun. Mila ing waosan punika, prabu Suleman nyerat pitutur wicaksana tumrap para nem-neman supados tansah ngestokaken pitutur lan nyimpen pepakon ing manahipun. Pitutur ingkang wicaksana punika saged dados ugeman kangge mbetengi dhiri nglawan panggodha lan bilai. Pitutur wicaksana prabu Suleman punika kedah dipun upaya kanthi tumemen, mawi sikap, penggalih, lan tindak tanduk ingkang sae, supados umat pitados tinebihaken saking tumindak ingkang jalari dosa lan kaluputan dhumateng Gusti Allah.

Masa muda estu wekdal ing pundi gesangipun manungsa dipun proses kanthi tumemen kangge nyawisaken masa depanipun. Pitutur Prabu Suleman saged dados ugeman ingkang kedah dipun estokaken saha dipun simpen ing sajroning manahipun, satemah para nem-neman saged mangun gesang mursid ing ngarsanipun Gusti saha masa depanipun kajamin ing tentrem rayahu. Para nem-neman sami dipun timbali dening Gusti boten kangge ngrisak pigesangan nanging dados generasi penerus ingkang martosaken pakaryan agung Gusti Allah salajengipun. Sumangga kita cawisaken para nem-neman kanthi wicaksana, kangge masa depan pasamuwan kagunganipun Gusti, satemah pakaryanipun tansah kababar salaminipun. Amin. [mojo].

“Aja ninggal pitutur wicaksana ing wayah enem, sakderengipun manggihi getun ing wayah tuwa.”

 

Bagikan Entri Ini: