Embuning Pepadhang Renungan Harian 13 Juni 2018

13 June 2018

Waosan: Yesaya 26:16-27:1 l Pamuji: KPJ. 286
Nats:
“He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sebab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh”(Ay. 19)

Miturut penelitian wonten 15 (gangsal welas) manfaat toya ebun/embun kangge kesehatan lan kecantikan (saged kawaos ing link https://manfaat.co.id>alam . Wiwit jaman kina, para leluhur kita sampun lumrah ngunjuk toya ebun. Kangge pikantuk toya ebun punika caranipun ugi prasaja. Kita saged nyalab setunggal gelas toya ing sangandhapipun wit ingkang ageng ing wanci dalu. Benjang enjingipun toya punika saged dipun pundhut malih lan langsung kaunjuk. Dipun sekseni bilih toya ebun punika kathah sanget ginanipun kangge njagi kasehatan, kalebet: supados katingal awet muda, awit ndadosaken kulit punika langkung padhang-sumunar lan boten gampil kisut. Terapi ebun punika beayanipun mirah lan gampil dipun lampahi.

Sawetawis ahli kesehatan ugi nyebataken bilih para atlet asring ngunjuk toya ebun, punika saged nambahi kakiyatan 20-30% langkung efisien, ateges ndandosaken pakaryanipun ginjel sangsaya entheng sekeca. Ebun ugi kaprecaya saged ngobati kukul, saged ugi kaagem toning ing wanci enjing lan dalu nalika badan kita ngalami proses detoksifikasi, ngicali racun-racun.

Waosan dinten punika ngelingaken kita bab ebuning Yehuwah, ebun pepadhang punika saget piguna kangge panenan ing mangsa ketiga. Lah punika sampun kabuktekaken saking penelitian lapangan sacara agronomi wiwit tahun 1937. Pramila boten mokal menawi bangsa-bangsa kina nganggep bilih ebun punika minangka sumbering berkah. Ebun ingkang luber saged kangge nunjang tetaneman nalika jawah boten mandhap. Pramila kawontenaning ebun punika saestu wigati.  Saking ebun kita kaengetaken bab gesang. Gesang saking pangreksanipun Gusti Allah lumantar Sang Kristus ingkang sampun unggul saking pati, nuduhaken gesang lan kamulyan tumraping para tiyang pitados. Ebuning Gusti Allah tansah nyegeraken lan ngenggalaken kasantosaning gesang kita. Awit ebuning Gusti Allah inggih punika pangwaosipun Gusti Allah tumraping gesang kita. (pong)

“Rahayu wong wedi asih mring Pangeran Yehuwah, Kanggep ana ing tanah, wis mesthi oleh berkah”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak