Waosan: Lukas 10 : 25 – 37 | Pamuji: KPJ. 370
Nats: “Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.” (Ayat 33b)
Martin Luther King Jr, minangka salah satunggaling tokoh greja nate ngendika mekaten sesambetan kaliyan waosan Tiyang Samaria Kang Welasan: “Pitakenan wiwitan ingkang wonten pemanggihipun imam lan Lewi inggih punika: “Apa kang bakal kelakon marang aku yen aku nulungi dheweke? Kosokwangsulipun pitakenan ing pemanggihipun tiyang Samaria, “Apa kang bakal kelakon marang dheweke yen aku ora nulungi dheweke?” Lumantar setunggal prastawa saged dipun tingali saking kalih sudut pandang. Asring wekdal kita badhe tetulung, kathah panimbang ingkang tuwuh ing salebeting manah kita. “Yen aku tetulung, mengko aku ana ing bebaya. Apa wong iku isa males kayadene sing tak lakoni kanggo dheweke? Apa mengko aku bisa oleh piwales saka dheweke kang nguntungaken aku? Apa sing tak korbanake kanggo tetulung marang dheweke?” Utawi kosokwangsulipun, “Apa ora iki wektu sing diparingake Gusti marang aku kanggo tetulung tumrap wong kang mbutuhake pitulungan? Yen aku ing kondisi kaya mengkono, tamtu aku iya mbetahake pitulungan.”
Tresna ingkang sejati tuwuh saking manah ingkang kasentuh dening welas asih tumraping sesami, kanthi katresnan ingkang tulus sinaosa benten kaliyan piyambakipun ing antawising suku bangsa, agami, latar belakang, lsp. Tiyang Samaria kalawau ngetingalaken welas asih ingkang langsung dipun lajengaken srana aksi. Kados pundi kaliyan kita? Kados dene tiyang Samaria, tumindak welas asih punika celak kaliyan babagan ingkang “sepi lan beresiko”. Sepi karana ing jagad punika asring menawi mitulungi tiyang, kepengin dipun ketingalaken, dipun ekspose, dipun apresiasi, dipun puji. Beresiko, karana tinarbuka kemungkinan ingkang saged ndadosaken kita kedah berkorban.
Waosan dinten punika ngengetaken kita sedaya bilih dayaning pitulungan kita ingkang linambaran saking welas asih saged kawiwitan saking bab-bab ingkang prasaja, saking punapa ingkang kita gadhahi, saking kasagedan kita. Mboten namung kandheg ing salebeting welas asih kemawon, ananging ugi mawujud kanthi aksi nyata. Kepekaan ingkang dipun gadhahi punika dipun dukung dening kepekaan inderawi, ingkang kanthi sadhar mirengaken tiyang ingkang nyuwun tulung lumantar talinganipun, mirsani kahanan ing sekitar lumantar paningalipun, lan ngrengkuh lumantar tanganipun. “Ora mung teori ning aksi kang sejati.” Amin. [ANS].
“Dados pribadi sae punika tetep tumindak sae ing sadengah kahanan punapa kemawon.”