Pigesangan Ingkang Sae Pancaran Air Hidup 13 Januari 2024

13 January 2024

Waosan: Jabur 139 : 1 – 6, 13 – 18 | Pamuji: KPJ. 445
Nats: “Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula. Pakaryan Paduka punika elok, nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.” (Ayat 14)

Miturut pangraosipun Juru Mazmur, Gusti Allah punika saestu ngedab-edabi, amargi Gusti Allah punika pirsa sedaya pamikir, motivasi, kepinginan, lan raos ajrih ing salebeting manahipun Juru Mazmur. Makaten ugi ing bab mirunggan lan laku gesang padintenanipun Juru Mazmur, sedayanipun dipun pirsani dening Gusti Allah. Panjenenganipun mirsani sedaya samukawis ingkang dipun lampahi dening umat, wiwit saking mletheking srengenge ngantos dumugi puput ing wanci dalu. Mboten wonten satunggal prekawis ingkang luput saking paningal lan kawigatosanipun Gusti Allah. Mboten wonten papan pangayoman ingkang saged ngayomi umat saking paningalipun Gusti Allah. Juru Mazmur ugi ngakeni bilih pangreksanipun Gusti Allah dhateng piyambakipun mboten winates ing wekdal, amargi Gusti Allah ingkang nenun wiwit saking kandutan. Awit pamanggih ingkang makaten dhumateng Gusti Allah, Juru Mazmur ngaturaken saos sokur lan mboten kuwatos bab ingkang badhe kalampahan ing mangsa ngajeng. Ingkang dados pitakenan kita samangke, punapa sampun cekap saos sokur kita punika minangka umat pitados? Sumangga kita gegilut kanthi lebet ing manah!

Pigesangan ingkang sae, kanyatan mboten namung kaukur mawi sapinten agenging saos sokur lan katentreman ingkang dipun gadahi ing salebeting gesang. Pigesangan dipun wastani sae menawi umat pitados saged tuwuh, tukhul, lan ngrembaka imanipun. Tuwuhing iman punika sipatipun misional lan tumuju dhateng liyan. Nggadahi motivasi kangge ngabaraken kamulyanipun Gusti Allah dhumateng sedaya titah ing saindenging donya. Umat pitados ngrembaka imanipun, menawi saged mbiyantu tiyang sanes kangge ngrembaka ugi ing salebeting gesangipun.

Nalika Gusti Allah nitahaken alam donya, Panjenenganipun tansah ngandika “wus prayoga”. Rancanganipun kagem sedaya titah tumuju supados ngrembaka. Minangka bagian saking pakaryanipun Gusti Allah, kita minangka umat pitados sami nampi timbalan kangge wujudaken pigesangan ingkang sae. Mugi saos sokur kita awit saking berkahing Gusti Allah saged dados lantaraning berkah kangge tiyang sanes lan nuwuhaken pangrembakanipun tiyang sanes. Amin. [ES].

“Pigesangan ingkang fokus dhumateng katentremaning pribadi, punika mujudaken gesang ingkang mboten migunani, mboten wonten maknanipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak