Aja Wedi Renungan Harian 13 Januari 2021

Waosan : Yesaya 41 : 14 – 20 | Pamuji : KPJ. 335 : 1
Nats:
Sira aja wedi, he si cacing Yakub, he si uler Israel! Iya Ingsun iki kang mitulungi sira …” (Ay. 14a)

Sinten kemawon anggadhahi raos ajrih, was sumelang lan kuatir bab gesangipun. Kula kinten mboten wonten tiyang ingkang mboten nate ajrih awit kita taksih gesang wonten ing alam donya. Ajrih punika maneka warni macemipun : ajrih benjang menawi sepuh kados pundi nasibipun, ajrih putra wayah mboten pikantuk jodho, pendamelan, ajrih kados pundi masa depan putra wayah, lsp.

Raos ajrih punika dipun alami dening bangsa Israel nalika ing tanah pangawulan Babil. Bangsa Israel nglokro, kecalan pengajeng-ajeng awit kasangsaran ingkang dipun sanggi. Supados bangsa punika pulih semangatipun lan saged mranata gesangipun, Nabi Yesaya paring pangatag dhumateng bangsa Israel supados kiyat lan tatag ngadepi kawontenanipun (Ay. 14 ). Senaosa bangsa Israel dipun gambaraken kados dene cacing lan uler sampun ngantos semplah. Cacing lan uler punika gambaraken titah ingkang sekeng lan ringkih, mboten gadhah kekiyatan ngadepi bebaya. Ewah semanten Gusti Allah tetep nresnani bangsa Israel. Gusti Allah badhe dadosaken bangsa Israel penampi ngantos mengsah sami kabur(Ay. 16). Gusti Allah badhe mitulungi lan paring jaminan (Ay. 17). Gusti Allah badhe dadosaken tengger-tengger ingkang gundhul dados lepen ingkang ngedalaken toya (Ay.18), badhe wonten taneman ingkang thukul subur(Ay. 19), tumuntun sedaya manungsa saged ningali bilih sedaya punika pakaryanipun Allah (Ay. 20).

Kados bangsa Israel, kita punika titah ingkang sekeng lan kebak kekirangan. Asring kita nyanggi momotan gesang ingkang dadosaken kita ajrih, was sumelang lan kuatir. Menawi kita fokus dhateng momotan, kita ngraosaken stress, ananging menawi kita fokus dhumateng Gusti Allah, kita ngraosaken tentrem. Sampun ngantos kita ngendelaken kapinteran kita piyambak ananging mangga kita ngendelaken Gusti Allah ingkang paring pangluwaran. Kenging punapa Gusti Allah ngeparengaken kita nyanggi momotan? Sepisan supados iman kita tuwuh, iman kita sansaya dewasa lan mboten ajrih ngadepi kawontenan donya punika. Kaping kalih supados kita ngakeni bilih Gusti Allah mboten nate nilar kita piyambakan. Gusti Allah dhawuh, “Disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah amarga Pangeran Yehuwah Allahmu nunggil karo sira ing saparan-paranira. (Yusak 1:9 ). Gusti berkahi kita. Amin. (Jian).

“Mboten ajrih ngadepi kawontenan donya mujudaken iman ingkang dewasa”

 

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •