Waosan: Lelakone Para Rasul 13 : 26 – 34 | Pamuji: KPJ. 439
Nats: “Nuwun, para sedherek trahipun Rama Abraham, saha para ingkang sami ngabekti ing Allah, kabar kawilujengan punika sampun kaparingaken dhateng kita.” (Ayat 26)
Baltasar Gracian, salah satunggaling cendikiawan saking Spanyol, nggadhahi pemanggih mekaten: Tanpa keberanian, kebijaksanaan tidak menghasilkan buah. Bilih dipun raosaken, tembung punika negesaken bilih tiyang punika kedah wantun mbabaraken kawasisan. Nalika kawasisan namung dipun raosaken piyambak tanpa dipun wartosaken utawi dipun wujudaken ing gesang padintenan, kawasisan punika namung dados kawasisan ingkang nglaha tanpa guna. Tamtunipun, kathah sanget pambengan ingkang dipun alami dening tiyang-tiyang ingkang kersa mbabaraken kaleresaan awit saking mekaten kedah dipun sarengi kalian raos kendel.
Rasul Paulus punika salah satunggaling rasul ingkang kendel sanget. Piyambakipun sampun nampi kanugrahan saking Sang Kristus temahan saged ngakeni bilih Gusti Yesus punika Juruwilujeng. Kanugrahan punika ugi kawujud wonten ing kawasisanipun ingkang kawangun kanthi sae ing satengahing kapitadosanipun dhumateng Sang Kristus. Nugraha kawasisan punika mboten namung dipun damel dhirinipun piyambak ananging ugi dipun wartosaken dhumateng tiyang kathah. Kabar kawilujengan punika ugi kababaraken dhateng para umatipun Allah ingkang wonten ing Anthiokia. Wonten ing Anthiokia, Paulus mbabaraken kabar kawilujengan punika mboten namung dhateng tiyang Yahudi kemawon ananging ugi dhateng tiyang-tiyang non Yahudi. Tiyang-tiyang punika kawastanan dening Paulus dados tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Allah. Paulus rumaos bilih kabar kawilujengan saking pengurbanan Sang Kristus kedah dipun wartosaken. Gesangipun Paulus tansah migunani kangge gesangipun tiyang pitados. Kanthi modal kawasisan lan raos kendel, kamangka Rasul Paulus saged nuwuhaken tetuwuhuhan ingkang sae ing gesang.
Saking gesangipun Rasul Paulus, kita sami kaengetaken supados ing gesang punika tansah kendel mbabaraken kabar kawilujengan. Saben tiyang tamtunipun dipun berkahi dening Gusti Allah kalian kasagedan ingkang benten-benten satunggal lan sanesipun. Swawi kasagedan ingkang sampun dipun paringaken dhateng kita, tansah kita kembangaken supados saged ugi nuwuhaken tetuwuhan ingkang sae. Tetuwuhan ingkang dados berkah tumrap pigesangan kita lan sesami. Amin. [DAR].
“Yen wani ojo wedi-wedi, yen wedi ojo wani-wani.”