Waosan: Lukas 6: 17 –26 ǀ Pamuji: KPJ. 203
Nats: “Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.” (Ayat 20 )
Sedaya tiyang mesthi ngudi murih gesangipun rahayu, ayem tentrem, sehat tinebihaken saking rubeda nir ing sambekala. Supados gesangipun rahayu kadangkala anggenipun ngudi mboten ngetang wekdal, nyambut damel dipun rencangi mboten ngetang wayah, enjing ngantos dalu, sirah dados suku, suku dados sirah, amrih kraharjaning praja. Punapa rahayu ingkang kita upadi kados punika sami kaliyan rahayu ingkang dipun wucalaken Gusti Yesus?
Wonten ing waosan kalawau, Gusti Yesus paring piwucal gesang rahayu ingkang sejati. Punapa ingkang dados piwucalipun Gusti Yesus punika benten kaliyan piwucalipun donya. Saking waosan, kita mangertos bilih tiyang kathah ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus sami ngudi rahayu, ananging kanthi pemahaman model donya. Pramila nalika Gusti Yesus nyarasaken sesakit, nundhung roh-roh pepeteng, tiyang kathah punika sami sowan kanthi pangajab manggihaken gesang rahayu. Awit pemanggih ingkang klentu punika, Gusti Yesus nglurusaken kanthi paring piwucal kados pundi gesang rahayu ingkang sejati punika. Gusti Yesus maringi pangertosan bilih gesang rahayu punika, mboten namung pinanggih sehat kemawon. Mboten namung uwal saking jireting jiwa. Mboten namung uwal saking gubeting kabetahan gesang sadinten-dinten kemawon. Pinanggih rahayu ingkang dados piwucalipun Gusti Yesus punika menawi manungsa tepang kanthi saestu kaliyan Gusti Allah, gesang setya tuhu, lan nglampahi karsa-Nipun. Gesang ingkang tentrem rahayu punika saged kita raosaken nalika kita gesang miturut ingkang dipun kersaan Gusti Allah. Mekatena ugi kita anggadahi pangajeng-ajeng bilih gesang kita benjang langkung nengsemaken, gesang sesarengan kaliyan Allah, gesang ingkang manggihaken tentrem rahayu sejati tanpa winates.
Sumangga kita mboten namung ngudi kabetahan donya, ananging nglirwakaken timbalanipun Gusti. Awit menawi kita namung nguber kadonyan kemawon, kita namung manggihaken karahayon lan kabingahan palsu. Pramila sumangga kita tansah sumendhe ing Gusti lan nglampahi piwucalipun saha purun dipun agem dados pirantinipun, sarana tumindak punika, gesang kita tamtu badhe ngraosaken tentrem rahayu ingkang sejati. Gusti mberkahi kita sami. Amin. [Djian].
“Wong kang uripe mung mburu kadonyan ora bakal ngrasakake tentrem kang sejati.”