Dosa Mbebujuk Ati Renungan Harian 13 Februari 2020

13 February 2020

Waosan : Yakobus 1 : 12 – 18    |  Pamuji :  KPJ. 57 : 1 – 3
Nats
: “Nanging saben wong digoda dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.”  (Ay. 14)

Mboten wonten tiyang ingkang dhumawah ing dosa menawi tanpa lumantar lelampahan utawi tahapan. Dosa lumebet wonten ing gesangipun manungsa asring mboten dipun raosaken. Asring tiyang punika pados alasan, selak, nglepataken tiyang sanes langkung-langkung wantun nglepataken Gusti Allah. Rikala nedha wohing wit ingkang mboten pareng dipun tedha Adam lan Kawa sami nglepataken satunggal lan satunggalipun, sami mboten purun tanggung jawab rikala dipun dangu dening Gusti. “Unjuke manungsa: “ Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha” Sang Yehuwah Allah tumuli ngendika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha”( Purwaning Dumadi 3:12-13)

Mula bukanipun saking dosa punika kawiwitan saking kepinginan-kepinginan manungsa piyambak, menawi iblis punika minangka pambereg inggih punika nggoda manungsa. Iblis tansah pados karingkihanipun manungsa lumantar kawontenan, tiyang sanes, arta utawi materi supados manungsa sami kapincut bujukipun iblis. Rikala goda saha rencana iblis dugi ing gesang kita, pilihan lan keputusan punika gumantung saking kita, punapa kita badhe nampi tawaran saking iblis utawi kita nolak kanthi teges. Menawi kita nampi lan ngraosaken punapa ingkang dados tawaranipun iblis, punika lajeng ndadosaken kepinginan kita sangsaya kiyat. Wusananipun kita kapincut lan kasered supados kita mujudaken sedaya kepinginan punika, ingkang ndadosaken tuwuhing dosa lan nguwohaken dosa ing salebeting gesang kita.

Yakobus paring pangandika bilih dosa ingkang tansah wongsal-wangsul dipun lampahi (mateng) badhe nglairaken maut lan pepejah. Kabingahan saged pejah, mekaten ugi pangajeng-ajeng saged ical sirna, margining berkat saged katutup, lan sanes-sanesipun. Margi pangluwaranipun?  Kita sami kedah ngatasi sedaya panggoda saking wiwitan, rikala pamanggih ingkang ala punika medal saking manah kita. ”Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala, kabeh iku nekakake bebendune Gusti Allah (marang wong duraka)” (Kolose 3:6) (KHM).

“Jumaga lan tansah ndedonga minangka wiwitaning uwal saking pacoben”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak