Waosan: Amos 8 : 4 – 12 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “Ing dina iku bakal kelakon, …” (Ayat 9)
Kula dereng nate ningali tiyang ingkang korupsi Rp 100 milyar lajeng sami dipun kroyok lan dipun antemi dening tanggi-tepalihipun. Ingkang nate kula tingali malah lare nem ingkang nyolong HP ingkang reginipun setunggal yuta nanging dipun pulasara tiyang kathah. Kamangka menawi dipun etang, nyolong HP punika namung mendhet 1/100.000-nipun ingkang korupsi. Malah kosokwangsulipun, tiyang ingkang korupsi semanten kathahipun punika taksih pikantuk kaurmatan ageng dening kiwa tengenipun. Kalih-kalihipun tumindak lepat, nanging sikep masyarakat kita babar pisan mboten adil. Cetha sanget yen ingkang ringkih punika kasiya-siya. Sikap mboten adil kados mekaten mindhak dinten mboten mindhak suda, malah nemen.
Swasana ingkang dipun adhepi dening Nabi Amos mboten tebih kaliyan kawontenan kita ing ngriki sapunika. Bentenipun, ing jaman semanten Amos kanthi kendel paring pepenget dhateng pangarsa lan tiyang sugih ingkang nindhes si miskin, bilih wonten wancinipun Gusti piyambak ingkang badhe ngadhepi tiyang-tiyang punika (“…ing dina iku bakal kelakon…”). Ing masyarakat kita awis-awis wonten ingkang wantun nyuwanten kanthi sora paring pepenget; ing kalamangsa malah kosok wangsulipun. Inggih punika pangarsa ingkang raket kaliyan tokoh agami, sangkul-sinangkul lajeng nglirwakaken kasisahanipun para miskin. Mila waosan dinten punika ugi ngengetaken kita supados kagungan krenteg lan raos welas asih dhateng ingkang ringkih lan sekeng, ugi kakendelan nyuwantenaken bab ingkang mboten trep kaliyan punapa ingkang samesthinipun, dadosa ing brayat, pasamuwan, malah ing panggenan kita nyambut damel.
Semangat ngurip-urip cara gesang ingkang adil lan nggatosaken ingkang ringkih mesthi dados lambaran gesang padintenan kita. Pancen mboten gampil ngecakaken bab punika awit kathah pambenganipun. Nanging kados punapa kemawon kita ingkang sampun nampi cara gesang enggal awit sih rahmatipun Sang Kristus kedah wantun miwiti. Sumangga kita wiwiti saking brayat kita piyambak langkung rumiyin. Amin. [smdjn].
“Kaparingana kawula manah kendel ngudi kaadilan lan kabeneran, dhuh Gusti.”