Pisungsung Pamuji Pancaran Air Hidup 13 Desember 2021

13 December 2021

Waosan: Ibrani 13 : 7 – 17 ǀ Pamuji: KPJ. 157 : 1, 2
Nats:
“Kang iku payo kita padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku kang arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane.” (Ayat 15)

Nalika Balewiyata nyerat buku “Teologi Persembahan”, kula kabagian nyerat bab wujuding pisungsung ing GKJW. Ing seratan punika kula nyerat bilih pisungsung ing GKJW punika wonten ingkang wujud material arupi arta lan barang, saha pisungsung ingkang wujud imateral arupi tenaga, wekdal, talenta, lan gesang. Bilih pisungsung ingkang wujud material punika nyata lan saged dipun etang cacahipun, pisungsung imaterial punika ugi nyata nanging cacahipun boten saged dipun etang ngangge angka. Salah setunggaling contohipun: warga pasamuan ingkang ngaturaken pisungsung suantenipun nalika ngladosi pangabekti Minggu ing greja. Piyambakipun dados pandu puji sarana suantenipun. Para warga pasamuwuan ingkang sami ngabekti rumaos ayem lan remen mirengaken suanten pepujian ingkang dipun nyanyiaken pandu puji punika. Punika nedahaken bilih pisungsung suanten saged dados berkah kangge warga pasamuwan.

Waosan kita dinten punika, isinipun bab pitutur tumrap gesanging pasamuan. Juru serat Ibrani ngengetaken supados pasamuanipun Gusti tansah gesang ing paseduluran kanthi dasar katresnan, sampun ngantos tumindak jina, lan sampun ngantos karem bandha. Juru serat Ibrani ugi ngengetaken bilih Gusti Yesus sampun nandang sangsara lan ngorbanaken Sariranipun kangge nebus dosa-dosa umat-Ipun. Karana punika, Juru serat Ibrani ngajak dhateng pasamuan sami ngaturaken pamuji sokur dhumateng Gusti Allah arupi wohing pangucap ingkang tansah ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. Mekatena ugi nindakaken kabecikan lan atur pitulungan dhateng sesami.

Ing Minggu-minggu Adven punika, anggenipun kita sami ngantos rawuhipun Gusti Yesus, mangga manah lan gesang kita tansah kebak pamuji lan saos sokur dhumateng Gusti. Kita memuji Gusti karana sih kamirahan lan kawilujengan ingkang sampun kita tampi. Kita ngluhuraken asmanipun Gusti karana Gusti sampun makarya salebeting gesang kita sadinten-dinten. Kita sami ngaturaken pisungsung ingkang sae kagem Gusti inggih punika gesang kita. Gesang ingkang kebak pamuji lan saos sokur. Gesang ingkang ngestokaken pranatanipun Gusti sarta gesang ingkang kebak pengajeng-ajeng. Swawi kita nyawisaken gesang miturut karsanipun Gusti lan ngaturaken pisungsung pamuji kagem kaluhuran asmanipun Gusti. Amin. [AR].

 “Pepujian punika wujud pisungsung ingkang aji kagem Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak