Waosan: Jabur 4 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 400 : 1, 2
Nats: “Kanthi ayem-tentrem kawula badhe leyeh-leyeh lajeng enggal tilem, amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.” (Ayat 9)
Wonten bebasan ingkang asring kita mireng, “Mangan gak mangan, sing penting kumpul.” Bebasan punika biasanipun kita tanggepi kanthi gojekan, “Yo keluwen lek ngono.” Sejatosipun bebasan punika sawijining budaya luhur ingkang cobi ngelingaken kita bilih gesang ingkang ayem, tentrem, lan kebak kabingangahan mboten saged kaukur namung saking prekawis tetedhan utawi prekawis ingkang asipat kajasmanen kemawon ananging wonten prekawis sanesipun ingkang kedhah kita udi.
Juru Mazmur ing waosan dinten punika paring paseksi bilih gesang sesarengan kaliyan Gusti punika saged njalari gesangipun rumaos ayem lan bungah. Awit wonten prekawis-prekawis ingkang dipun raosaken ing gesangipun ingkang dipun seksekaken ing waosan kita, inggih punika:
- Gusti tansah midangetaken. Nalika Juru Mazmur sesambat dhumateng Gusti, Gusti tansah mirengaken lan paring panglipuran.
- Gusti tansah nuntun tumuju kabeneran. Lampahing gesang Juru Mazmur punika mboten sampurna, namung Gusti lumantar pitedahipun ingkang ndadosaken piyambakipun saged lumampah kanthi bener.
- Gusti tansah ngluwari. Kanthi pasrah, Gusti paring pangluwaran saking bebendhu ingkang dipun sandang dening Juru Mazmur sapinten agengipun.
Karana punika, Juru Mazmur ngajak kita supados ngandelaken Gusti lan pasrah dhumateng Panjenenganipun. Pasrah sumarah punika wujudipun pracaya. Klangenanipun nyatungil kaliyan Gusti punika ingkang njalari kita kiyat kangge nindakaken kasaean lan kabeneran sanadyan lelampahanipun mboten gampang.
Tamtu kita sumerep pepujen saking KJ. 410, “Tenanglah kini hatiku, Tuhan membimbing langkahku.” Pepujen punika nyariosaken kados pundi penulis lagu ngrumaosi tentreming batos nalika Gusti wonten ing gesangipun. Mboten namung pangrimatan ingkang dipun paringaken, nanging ugi pangreksa lan panuntun supados kawilujengan tansah wonten ing gesang kita. Patunggilan kita kaliyan Gusti ingkang nyampurnakaken gesang lan lelampahan kita, ingkang saged ndadosaken kita ngraosaken kaayeman lan katentreman ing gesang padintenan kita. Amin. [NSA].
“Tuhanlah yang membimbingku; tanganku dipegang teguh.”