Sing Tatag Pangandelmu Renungan Harian 13 April 2020

13 April 2020

Waosan  :  Pangentasan 14 : 10 – 31 |  Pamuji  : KPJ.  103
Nats
: “Aja wedi! Atimu sing teteg, lan kowé bakal padha weruh apa sing ditindakaké Allah kanggo nylametaké kowé ing dina iki.” (Ay. 13)

Momotan gesang ingkang ageng saged ndadosaken manah kita semplah. Mekaten ugi sawernining pacoben gesang ingkang awrat, kados sakit penyakit ingkang mboten enggal saras, kasekengan, masalah ekonomi, lsp saged ndadosaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah punika saged semplah.

Bangsa Israel ingkang gesang ing Mesir ngrumaosi bilih gesang ing Mesir punika nentremaken sanajan dipun jajah. Sedaya kacekapan sandang, papan lan pangan dipun ugemi berkahipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel. Kacariyos, nabi Musa ingkang mimpin bangsa Israel saking tanah Mesir dateng tanah Kanaan sakpunika sampun dumugi pinggir seganten. Para pinisepuh bangsa Israel kuwatos lajeng nggresah dhumateng Gusti Allah lan Musa, mekaten “Punapa ing Mesir mboten wonten kuburan, déné kita ngantos dipun bekta mriki namung prelu nglurug pejah? Cobi kula aturi mirsani menapa kedadosanipun, enggèn kula sami dipun bekta medal saking tanah Mesir!” (ay.11). Prekawis pejah gesang ingkang dados kuwaosipun Gusti Allah taksih ndadosaken pinisepuh bangsa Israel mboten tatag nalika ngadhepi momotan gesang ingkang sifatipun ‘darurat’. Pemanggihipun, ndherek Gusti mesthi gadhahi gesang ingkang ayem tentrem, mboten wonten masalah. Pramila, nalika wonten masalah ingkang awrat lajeng Gusti Allah ingkang dipun salahaken. Punapa punika leres?

Momotan gesang punika pancen saged ndadosaken iman kita saged owah. Ananging, prekawis ingkang ngremenaken lan mbingahaken wonten gesang saged ndadosaken kita kesupen lan nyelaki iman kapitadosan kita. Nalika sedaya dinamika gesang kita lampahi, saestu ingkang penting inggih punika  nggadhahi tataging iman kapitadosan dhumateng Gusti.  Nalika kita gadhah kapitadosan ingkang kiyat, sedaya usaha pambudidaya ingkang kita lampahi anggen kita ngadhepi masalah mboten muspro amargi Gusti nganthi kita. Nabi Musa dhawuh Gusti Allah piyambak kang bakal maju perang kanggo kowé; kowé padha menenga waé.” (ay.14). Sumangga, pun ngantos sedaya masalah dan karemenaning gesang ngowahi tataging iman kita dhumateng Gusti. Amin (BK)

“Pangandelmu kang mitulungi kowe”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak