Bacaan: Yeremia 33 : 14 – 26 | Pujian: KPJ. 434
Nats: “Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane para wong iku sarta iku bakal padha Sunwelasi.” (Ayat 26b)
Wonten satunggaling pitembungan ingkang sampun kondhang tumrap kita bab prasetyan, inggih punika: Janji adalah hutang (prasetyan punika utang). Tembung punika nggadhahi teges pindha utang ingkang kedah kasaur, prasetyan kedah ketetepan. Ewa semanten kasunyatanipun prasetyanipun manungsa kadangkala mboten katetepan, mila ndadosaken tiyang lajeng mboten pitados kanthi sawetah kaliyan prasetyan ingkang katindakaken dening sesaminipun.
Kitab Yeremia kaserat nalika bangsa Israel wiwit ngalami pangawulan dening Babel. Menawi kita nggatosaken wonten ing Yeremia 29, kapratela bilih sawetawis tiyang Israel sampun kabeta dhateng Babel. Tiyang Israel ing pangawulan ngalami gesang ingkang awrat. Panandhang lan reribet ingkang karaosaken mboten namung bab awrating pakaryan wonten ing papan pangawulan, ananging ugi raos sedih lan awrat karana tebih saking padaleman suci. Ngalami panandhang ingkang mekaten, ndadosaken bangsa Israel semplah lan kecalan pangajeng-ajeng. Nalika lampahing dinten tansaya awrat, sawetawis tiyang Israel rumaos bilih Gusti Allah sampun kesupen dhateng prasetyan-Ipun. Ananging lumantar Nabi Yeremia, Gusti Allah ngandika mekaten, “Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda.” (Ay. 14). Gusti Allah paring pangenget bilih Panjenenganipun mboten badhe kesupen dhateng prasetyan-Ipun. Gegambaran punika kaambali malih wonten ing ayat 25, prasetyanipun Gusti Allah mboten ewah gingsir, Panjenenganipun badhe paring pangluwaran tumrap bangsa Israel.
Sanadyan pawartos prasetyan punika minangka kabar kabingahan tumrap bangsa Israel ingkang pepes manahipun, nanging bangsa Israel kedah nengga sawetawis wekdal, temahan prasetyanipun Gusti katetepan. Kanthi mekaten ingkang kedah setya mboten namung Gusti Allah, anggenipun setya dhateng prasetyan-Ipun, kita ugi kedah njagi kasetyan kita dhumateng Gusti. Kita kedah sedya nengga lan pitados bilih prasetyanipun Gusti punika badhe katetepan wonten ing gesang kita, inggih punika prasetyan ingkang ndadosaken tentrem rahayuning gesang kita. Amin. [ANS].
“Iman nggadhahi teges pitados lan setya dhateng prasetyanipun Gusti.”