Begja Renungan Harian 13 Agustus 2019

13 August 2019

Waosan  :  II Babad 34 : 22 – 33   │   Pamuji  :  KPJ. 198 : 1
Nats: … ,  ing sarahne sira ngesorake awakira ana ing ngarsaningSun, lan nyuwek-nyuwek panganggonira sarta nangis ana ing ngarsaningSun, Ingsun ya wus miyarsakake iku, …”   (Ayat 27)

Ing tanggal menika kathah ingkang mastani tanggal begja. Tanggal begja jalaran ing tanggal  13 Agustus negari Afrika Tengah nampi kemardikaan saking Perancis. Ing tanggal menika ugi, Rakyat Iran ugi nglahiraken ‘gerakan demokrasi’ ingkang dados dasar kagem negari Iran. Mekaten ugi ing dinten menika Indonesia nampi kabegjan jalaran lumantar tiyang ingkang nyambut ing PTT (Pos, Telegraf lan Telepon), pawartos  Jepang kalah ing peperangan saged katampi dene nderek-nderek ing negari Indonesia. Saking pawartos menika, kabegjan kagem Indonesia saged nglahiraken momentum babakan deklarasi proklamasi kemerdekaan.

Kabegjan ugi katampi dene umat Israel. Nalika umat Israel wonten ing tlatah pambucalan negari Babilonia, kathah umat ingkang murtad saking panderekipun Sang Yehuwah. Kathah umat ingkang nyembah dateng brahala. Kedahipun umat Israel nampi bebendu saking Gusti Allah, ananging ingkang dipun tampi sanes bebendu, umat Israel nampi kabegjan. Umat Israel lumantar Prabu Yosia, saged lumampah malih wonten margining kawilujengan, margining kabegjan geh menika kasetyan dumateng Gusti Allah lumantar setya dateng dawuhipun Gusti Allah ingkang kaserat wonten ing kitab Toret (ayat 33).

Kathah tiyang ingkang nyuwun dados tiyang ingkang begja. Wonten ingkang mastani bilih begja menika jalaran nginum jamu (orang bejo minum tolak jamu). Wonten ugi ingkang mastani bilih begja menika saking itung-itungan dinten (pon, legi, wage, kliwon lan sakpiturutipun). Wonten ugi ingkang mastani bilih begja menika saking raja brana alam donya. Kagem kita, umatipun Gusti, mboten wonten sanesipun bilih kabegjan punika namung karana kita nderek lan setya dumateng Gusti Yesus kemawon. Mangga kita sami ngestokaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti dateng kita. (MWB)

“Kabegjan kita karana kita nderek lan setya dumateng Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak