Rumangsa Pancaran Air Hidup 13 November 2026

13 November 2026

Waosan: Yehezkiel 7 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 55
Nats: “Saiki wus tumeka ing wekasanira lan Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira, lan sira bakal Sunadili laras kalawan panggawenira sarta Ingsun bakal males marang sakehing tumindakira kang nistha.” (Ayat 3)

Tembung rumangsa ing kabudayan Jawi punika dados tetenger bilih tiyang Jawi saestu nengenaken gesang sesarengan tinimbang gesang pribadi. Awit kanthi rumangsa, inggih punika nggadhah rasa pangrasa, tiyang Jawi saged ngasah lantiping batin, saged miji kahanan, saged ngraosaken punapa ingkang dipun raosaken dening tiyang sanes, lan saged mapanaken dhiri kanthi trep. Mila kathah tiyang Jawi ingkang ngraosaken dereng ngantos wonten ingkang nyanjangi, sampun rumaos dipun gethingi tiyang sanes. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang mboten saged ngrasosaken kahanan punika dipun wastani “ora jawa.” Kados, bangsa Israel ingkang nampi pepenget ingkang saestu awrat saking Gusi, bilih sami rumangsa, tamtunipun sami purun mratobat.

Sang Yehuwah saestu mboten saged nampi bilih wonten kanistan ing satengahipun umat Israel. Mila mboten mokal bilih Sang Yehuwah medharaken dhawuh ingkang emosional: “Ingsun enggal-enggal ngesokaken dedukaningSun…, Ingsun ora bakal rumaos eman …, ora bakal nandukake kawelasan…, Sunwales…!” Kanthi mekaten, kabar paukuman tumrap bangsa Israel sampun kababar. Pangeran Yehuwah netepaken bilih sampun dumugi ing wekasanipun tan saged dipun selaki badhe ngganjar bangsa Israel, arupi piala, kasangsaran, lan pageger (Ay. 5-7). Sang Yehuwah badhe ngesokaken bebendun-Ipun awit tumindakipun Israel ingkang nistha (Ay. 3). Lajeng pungkasanipun, Sang Yehuwah medhar bilih sampun mboten wonten raos welas malih (Ay. 4-9).

Bilih dipun raosaken, kadosipun paukumanipun Sang Yehuwah tumrap bangsa Israel punika prasasat sampun nemen. Nanging sejatosipun mboten mekaten, awit ing suwalikipun paukuman saking Gusti, wonten tujuan ingkang wigati. Gusti Allah karenan nggladhi umat kagungan-Ipun supados sami mangertos bilih Panjenenganipun punika Sang Yehuwah, Allah ingkang netepi janji (Ay. 4, 9). Gusti tansah setya sinaosa wonten umat ingkang mboten setya. Pramila, mangga kita sami gadhah pemanggih bilih sadaya prekawis ingkang kita tampi samangke dados sarana undhak-undhakanipun iman kapitadosan kita. Langkung malih kita ingkang sampun ngraosaken katresnanipun Gusti ing gesang kita, sumangga kita ngrumangsani kalepatan kita, mratobat, lan setya dhumateng Gusti. Amin. [jarwi].

“Ing salebeting bebendu, padha rumangsaa yen Gusti paring wekdal mratobat.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak