Tepat Sasaran Renungan Harian 12 Mei 2018

12 May 2018

Waosan : Yokanan 16: 4b-11 | Pujian: KPK 78: 1,2
Nats:
“Dene iku sarawuhe baka ngyakenake marang jagad bab dosa, bab kayekten lan bab pangadilan” (ay.9)

Sampun pinesthi Gusti Yesus mungkasi lampah peladosan ing jagad. Mila para sekabat sami nglajengaken ayahanipun Gusti Yesus kangge sedaya tumitah. Gaya/ style anggenipun mbabaraken pawartos kabingahan punika benten-benten, manut miturut kapribaden para sekabat. Dene sasaran peladosan punika ugi mboten sami. Wonten ingkang lelados ing satengah bangsa Yahudi, dene ugi wonten ingkang ngabaraken Injil dhumateng para sedherek non-Yahudi.

Para sekabat tansah memucal bab kayekten ing dalem asmanipun Gusti Yesus Kristus, saha bab pamratobat. Dene sedaya punjeripun namung saking pitulunganipun Sang Roh Suci. Kadosa pundi tantanganipun, perkawis punika mboten nate dipuntilaraken. Mindhak dinten, sansaya kathah manungsa ingkang tepang kaliyan Gusti Yesus, ngambah margi utami saha sami mratobat.

Wulan Kesaksian dan  Pelayanan(Kespel) sampun rutin katindaaken ing satengah pasamuwan GKJW. Malah tumrap sadhengah pasamuwan dados wulan ingkang dipunantu-antu. Punapa malih kadhukung DPK ingkang nyawisaken pedhoman saha pandhuan wulan Kespel kanthi cetha lan runtut, ingkang saged dipuncakaken ing pasamuwan. Pranyata mindhak tahun langkung kathah sarta langkung variatif kegiatan wulan Kespel. Bab punika saged dipuntingali saking postingan facebook, instagram warganing pasamuwan ingkang mujudaken geliat kegiatan. Ananging wonten pitakenan ageng ingkang perlu kita gatosaken. Sepinten kegiatan kesaksian lan peladosan punika saestu nggigah manah supados sami mratobat sarta ndadosaken umatipun Gusti saestu nindakaken kayekten?

Sang Roh Suci tetep setya paring kekiyatan lan kesagedan dhateng kita, nindakaken timbalanipun Gusti. Lampah gesang kita, lampah peladosan kita mugi mbekta kabar kabingahan dhumateng jagad. Mekaten ugi ing wulan Kespel punika. Tamtu kathah, daya, dana, tenaga ingkang dipunbetahaken. Wulan Kespel mugi mboten namung kaisi kaliyan mawarni-warni kegiatan, ananging asilipun kirang optimal. Prayogi sithik, mentes, tepat sasaran! [PKS]

„Mugi lampah kawula ngener dhateng Paduka“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak