Ora Saliwang Renungan Harian 12 Desember 2017

Waosan : Yesaya 4 : 2 – 6 | Pamuji : KPK 150 : 1, 2
Nats: “…ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murup makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion…..” [perangan ayat 5]

Mbak ayu : “Mas, kang mas namine sinten?”
Kang mas : “Saniki dintene sabtu.”
Mbak ayu : “Mas, Kang Mas kesah teng pundi?”
Kang mas : “Sapi kula pun manak pitu.”

Kirang langkung mekaten lagu campursari ingkang dipunlagokaken dening Cak Dikin kaliyan Mbak Wiwit. Ingkang wosipun wonten pawestri ingkang muntab amargi pitakenanipun dipunjawab tebih saking wosing pitakenan. Mbokmenawi karana suda rungon, utawi boten mangertos punapa ingkang dipunpikajengaken dening mbak ayu kala wau. Mila rembagan punika boten ngasilaken punapa-punapa. Malah namung rugi wekdal, rugi tenaga.

Pemulihanipun Gusti tumrap umat kekasihipun ugi sumrambah dhateng Yerusalem. Yerusalem minangka papan punjering keimananipun para pitados. Ing ngriku dados papan pepanggihan umatipun Gusti saking pundi-pundi papan sarta papan pepanggihan kaliyan Gusti kanthi ngunjukaken korban. Mila papan punika dipun gatosaken saestu dening Gusti murih umatipun saged makempal kanthi sekeca sarta tumemen anggenipun sowan Gusti. Mila kagambaraken wanci siyang kaparingan mendhung, wanci dalu kaparingan mega kalawan sunaring geni. Dalemipun Gusti dados papan ingkang sekeca.

Punapa kita saged mbayangaken menawi peparingipun Gusti boten cundhuk kaliyan kabetahan kita? Kita mbetahaken hawa supados saged ambegan kanthi lega lajeng dipunparingi lemah lempung. Kita mbetahaken toya kangge kabetahan gesang supados boten ngorong, ananging dipunparingi wedhi (pasir). Gesang kita tamtu badhe morat-marit lan manungsa boten saged lestantun gesangipun.

Lan berkah punika boten ateges kauukur kaliyan materi kemawon lho. Gusti maringi cundhuk kaliyan kabetahen kita. Kita ugi saged ngramesi bilih pacoben ugi saged dados berkah tumrap kita supados mangertos sepinten daya karosan kita, sarta sepinten anggen kita gondhelan ing Gusti. [PKS]

Gusti maringi berkah pas karo kabutuhan.
Yen kegedhen kita ora kuwat yangga, yen kakehan ora bisa urip.

 

Bagikan Entri Ini: