Waosan: I Raja-raja 19:1-8 l Pamuji: KPK. 115
Nats: “… Aturé, “Dhuh Pangéran, kawula sampun mboten kiyat. Kawula aluwung pejah kémawon …” (ayat 4)
Kathah artikel wonten ing media sosial ingkang nyariosaken bab tiyang ingkang nglalu. Tamtu wonten sababipun kenging menapa tiyang menika nglalu. Saged krana ngraosaken gagal, kuciwa, mboten kiyat nyangga awrating perkawis gesang lan sampun rumaos gesangipun boten wonten ginanipun malih. Kawontenan ingkang mekaten, ndadosaken tiyang boten kepengen nglajengaken gesang lan milih tilar donya lumantar cara nglalu.
Nabi elia ugi ngadhepi kahanan ingkang awrat. Saderengipun, Nabi Elia nampi kamenangan klawan nabi-nabi Baal. Nalika mimpang nabi Elia nggadhahi pangajeng-ajeng supados umat Israel lan rajanipun saged sami mratobat, nilar brahala, lan nyembah puji mring Gusti. Nanging sedaya punika mboten kalampahan. Raja Akhab taksih mangkotaken manah lan mboten wonten ewah-ewahan ing gesangipun. Ratu Izebel ingkang boten remen kaliyan menapa ingkang dipuntindakaken nabi Elia lajeng ngincim gesangipun. Nabi Elia bakal dipunpejahi. Nabi Elia rumaos ajrih, lajeng ngungsekaken nyawanipun. Sasampunipun dumugi Betsyeba, nabi Elia kendel lan ndedonga. Elia nyuwun pejah dhateng Gusti. Piyambakipun ngraosaken sayah sacara fisik (ayat 5a), ugi sayah batosipun.
Gusti Allah lumantar malaekat mboten negaaken Elia. Gusti Allah kersa paring pitulungan kanthi maringaken wekdal Elia kagem ngaso, dhahar lan ngunjuk. Punapa ingkang katindaken dening Gusti Allah maringi kakiyatan saengga nabi Elia saged mlampah lan nglajengaken tugas sadangunipun 40 dinten 40 dalu ngantos gunung Sinai, ing pundi Gusti Allah kersa ngetingalaken dhiri.
Manungsa saged ngraosaken sayah amargi momotan ing manahipun. Raos menika saged ndadosaken manungsa boten nggadhahi pangajeng-ngajeng malih lan boten kepengen nglajengaken gesang. Nanging, kita kedah emut bilih Gusti Allah nresnani lan perduli dhateng gesangipun manungsa. Mila sampun ngantos nglokro. Mangga sami sowan dhumateng Gusti sabab Gusti Allah mboten badhe nilar lan mesthi bakal paring pitulungan dhumateng kita. (Itha)
“Aja nglokro ana Gusti kang paring pitulungan”