Waosan: Purwaning Dumadi 41 : 53 – 42 : 17 | Pamuji: KPJ. 416
Nats: “Pailan iku nyrambahi ing sajagad kabeh; Sang Yusuf tumuli mbikak sakehe gudhang patandhon lan nempurake gandum marang wong Mesir, marga tanah Mesir iku sangsaya banget anggone kambah pailan.” (Ayat 56)
Sekolah punika dados sarana anggenipun para siswa sinau, ngupadi kawruh supados dados tiyang ingkang migunani. Nalika sekolah tamtu wonten wancinipun para siswa punika ujian. Ujian dados sarana kangge para siswa nindakaken evaluasi, ngantos dugi pundi pangertosanipun saking pelajaran ingkang sampun dipun tampi. Bilih evaluasi punika lumampah kanthi sae, angsal nilai ingkang sae, para siswa punika saged minggah kelas utawi lulus. Nanging kathah siswa ingkang mboten remen ngadepi ujian, satemah kathah ugi siswa ingkang gagal ujian.
Mekaten ugi wonten ing gesang padintenan kita, tamtu kita nate ngadepi ujian, kados dene ingkang dipun adepi dening Yusuf. Saderengipun Yusuf dados panguwasa ing Mesir, piyambakipun ngadepi ujian ingkang awrat sanget. Nanging, Yusuf pitados panganthinipun Gusti Allah nyata. Piyambakipun lumantar Firaun dipun paringi kuwaos kangge mranata kabetahan pangan bangsa Mesir lumantar gandum ingkang dipun kempalaken, ngantos titi wanci mangsa pailan, gandum punika dados berkah, mboten namung kangge bangsa Mesir kemawon nanging ugi kangge para sedherekipun Yusuf. Sadaya punika woh saking kawicaksananipun Yusuf anggenipun ngadepi ujian lan kasangsaran.
Anggenipun kita ngupadi gesang lan ngrimat kawilujengan saking Gusti Yesus, kita asring ngadepi ujian. Anggen kita ngadepi ujian punika kita nggadahi pilihan: pasrah kemawon punapa ngupadi supados saged ngadepi ujian punika ngantos rampung? Bilih kita ngupadi ngantos rampung, tamtu ewet sanget. Pramila lumantar wulan Kitab Suci punika, kita dipun engetaken bilih gesang kita mboten namung amargi tetedhan sacara jasmani kemawon, nanging ugi lumantar sabda pangandikan-Ipun Gusti ingkang tansah ngiyataken gesang kita. Sumangga kita ngadepi ujian ing pigesangan kita punika kanthi manut dhateng sabda pangandikan-Ipun Gusti. Kita tansah ngandelaken Gusti salebeting ujian gesang kita, satemah kita saged kiyat ngadepi sadaya ujianing gesang kita. Amin. [CDS].
“Gesang iku ora mung saka roti, nanging uga saka sabda pangandikanIpun Gusti.”