Ganjaran Dosa Pancaran Air Hidup 11 September 2023

11 September 2023

Waosan: Kaimaman 4 : 27 – 31; 5 : 14 – 16 | Pamuji: KPJ. 111
Nats: “Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau, temah banjur kaparingan pangapura.” (Ayat 31b)

Ing sawijining dinten, Supo kepingin ningali bal-balan wonten ing stadion sesarengan kaliyan para rencangipun. Karana boten nggadhah yatra kangge tumbas karcis, Supo lajeng nekat mendhet yatra tiyang sepuhipun ingkang kasimpen ing lemari meja. Babagan punika ndadosaken tiyang sepuhipun Supo duka sanget. Sasampunipun wangsul saking stadion, Supo lajeng dipun dukani tiyang sepuhipun lan dipun ukum. Paukumanipun nggih punika boten dipun paringi sangu  sekolah sawetawis satunggal minggu. Punika ganjaran ingkang kedah dipun tampi Supo amargi sampun tumindhak awon lan damel cuwaning manah tiyang sepuhipun. Sadaya tumindhak awon tamtunipun saged dipun apura, anaging kedah wonten ganjaran ingkang dipun tampi.

Kados dene punapa ingkang sampun katata wonten ing satengahing gesang bangsa Yahudi. Pranatan bab korban pangapuraning dosa punika nedahaken kados pundi ganjaran dosa ingkang kedah dipun tanggung dening manungsa. Tatanan ingkang kados mekaten nedahaken bilih Pangeran Yehuwah punika boten sarujuk kalian tumindhak dosa, senaosa punika dosa ingkang boten dipun sengaja. Sampun dados kwajiban ingkang ngiket para tiyang Yahudi bilih ganjaraning dosa punika, tiyang Yahudi kedah nyaosaken kurban miturut tatanan ingkang sampun dipun paringaken Gusti Allah piyambak. Ananging kosokwangsulipun, lumantar tatanan kurban punika ugi negesaken dhumateng kita bilih Gusti Allah taksih karsa nucekaken lan paring wewengan dhumateng manungsa supados gesangipun sansaya sae malih.

Ganjaran dosa estunipun kedah kita tampi ing gesang punika. Karana kawontenan kita dados manungsa punika ringkih sanget lan gampil dhawah wonten ing panggodha lan dosa. Ananging, kita sami saos syukur bilih samangke ganjaran dosa kita sampun dipun tebus dening Gusti Yesus Kristus. Kasangsaran lan sedanipun Sang Kristus, Putraning Allah, punika ingkang sampun dados lantaran pirukun antawisipun Gusti Allah lan kita. Awit saking punika, sumangga kita tansah  nglampahi gesang kita kanthi setya tuhu cundhuk kaliyan dhawuh pangandikanipun Gusti Allah. Amin. [DAR].

“Rawuhipun Sang Kristus mbirat dosa manungsa, sepisan kagem salaminipun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak