Kalibrasi Renungan Harian 11 September 2018

11 September 2018

Waosan : Wulang bebasan 11: 1-31 │Pamuji: KPJ 192: 1,2
Nats:
‘’Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge’’ (ayat.1)

Ing sawetawis pawiyatan luhur babagan teknik kados dene ITS, ITB, ITN, lsp, wonten satunggal jurusan inggih punika metrologi lan instrumentasi. Ingkang dipun sinaoni ing jurusan punika  magepokan kaliyan perkawis kalibrasi (pengecekan akurasi alat ukur) piranti-piranti supados tansah leres. Wiwitanipun piranti-piranti wedalan pabrik punika trep, ananging krana asring dipun damel sok-sok saged radi mleset. Contonipun meteran ing Pom Bensin menawi dangu boten dipun priksa, saged lepat anggenipun medalaken cacahipun liter bensin.

Mekaten ugi kawontenaning gesangipun manungsa. Wiwitanipun manungsa katitahaken sarwa sae lan prayoga. Ananging nalika dhumawah ing dosa, ingkang sae lan prayoga punika saged dados mleset. Ingkang dipun ajeng-ajeng saged boten sami kaliyan kasunyatanipun. Kados dene piranti ingkang boten saged ndandosi dhirinipun piyambak, mekaten ugi manungsa boten saged ngentasaken dhirinipun saking panguwaos dosa. Manungsa tansah mbetahaken pitulunganipun Gusti Allah lumantar Sang Roh Suci supados gesangipun manungsa tansah cundhuk kaliyan karsanipun Allah.

Waosan kita ing kitab Wulang Bebasan paring pepeling supados manungsa tansah ngudi kawicaksanan ing sauruting gesangipun. Gusti Allah boten remen dhumateng piranti ingkang cidra. Panuntuning kawicaksanan saking Gusti ingkang ndadosaken gesang punika tansah ngener ing marginipun Allah. Gesang kita tansah dipun kalibrasi, ingkang cidra dipun dadosaken trep malih. Panuntunipun Allah punika nyata menawi kita tansah nyinaoni Sabdanipun ingkang kaserat ing Kitab Suci. Kados dene juru serat Kitab Suci ingkang katuntun dening Roh Suci, mekaten ugi Sang Roh Suci madhangi manah kita. (ADS)

“Tyang lepat winelehken samya dening sabdaning Kang Makwasa (KPJ 192: 2)”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak