Waosan: 1 Timoteus 6 : 11 – 21 | Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Padha elingna, supaya padha nglakoni panggawe becik, dadi sugih ing bab kabecikan, dhangan weweh lan memandumi …” (Ayat 18).
Punapa panjenengan nate mirengaken keroncong? Menawi panjenengan remen mirengaken punapa malih mirsani orkes keroncong, tamtunipun panjenengan inggih mirengaken kados pundi saut-sautanipun piranti satunggal ugi satunggalipun. Cag, Cug, Cello ingkang dados piranti pokok taksih dipun imbali kaliyan gitar melodi, suling, piul (biola), lan dipun mantebi kaliyan bas. Keroncong punika musik ingkang ngetingalaken prekawis harmoni. Tegesipun piranti satunggal lan sanesipun mboten sami saingan supados katingal pinunjul, nanging sami gantosan mungel, kapan piul dipun gesek, kapan suling dipun sebul, kapan irama double, kapan irama engkel, lsp. matemah saged kapireng endah lan laras.
Isining waosan kita wekdal punika benten kaliyan keroncong. Ing waosan kita, Rasul Paulus paring pitedah dhateng Timotius. Kasebataken Timotius gadhah tanggel jawab ngrimat pasamuwan, ingkang ketingalipun ewet. Ing bab 6, kita saged mangertosi bilih pasamuwan ingkang dipun ladosi Timotius, ngetingalaken tindak-tanduk ingkang awon, sami ngegungken dhiri, nyebar piwucal ingkang boten leres, lan pados keuntungan pribadi. Saking kawontenan ingkang mekaten punika, Rasul Paulus ngemutaken Timotius lan warga pasamuwan supados nyingkiraken prekawis-prekawis ingkang awon kalawau. Rasul Paulus mangertos bilih prekawis punika menawi dipun umbar saged ndadosaken pasamuwan crah lan bubrah.
Pancen nengsemaken manah, nalika ing wanci siyang mirengaken keroncong utawi langgam. Saking keroncong punika kita saged nyinau bab gesang bebrayan ugi pasamuwan. Bilih gesang kaliyan tiyang sanes punika kedah harmonis, artosipun sampun ngantos kita sami ngegungken dhiri nanging kita kedah sami andhap asor mbangun karukunan. Menawi keroncong punika sekeca sanget dipun mirengaken krana harmoni, mekaten ugi gesanging bebrayan ugi pasamuwan saged katingal nengsemaken manah menawi saged mbangun karukunan lan tepa salira, saestu karaos ayem ing manah. Amin. [AF].
“Dadia kaya langgam utawa keroncong, pating ngimbal gilir gumanti muni, dadi panglipuring ati.”