Waosan : Pangentasan 13 : 17 – 22 | Pamuji : KPJ. 154 : 1, 2
Nats: “Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega, dene ing wayah bengi ana ing tugu geni kanggo nuntun lakune, ….” (Ay. 21)
“Aja setengah-setengah!”, kita tamtu asring mirengaken tembung punika kaucapaken nalika wonten sedherek kita ingkang badhe nindakaken ayahanipun. “Aja setengah-setengah anggone nyambut gawe, aja setengah-setengah anggone sinau, aja setengah-setengah anggone paring pitulung, aja setengah-setengah anggone nresnani liyan, aja setengah-setengah anggone nandur kabecikan, lsp.” Lumantar tembung punika, kita mangertos bilih sedaya perkawis kedah kita tindakaken kanthi totalitas, awit kanthi totalitas, kita bakal nampi asil ingkang sae. Nanging kosok wangsulanipun, menawi kita nindakaken sedaya perkawis kanthi setengah-setengah, kita bakal nampi asil ingkang awon.
Ing Pangentasan 13:17–22, kita mangertos bilih Gusti Allah anggenipun paring pitulungan dateng bangsa Israel boten setengah-setengah, totalitas. Gusti Allah boten namung ngentasaken bangsa Israel saking bangsa Mesir kemawon, nanging Gusti Allah ugi nuntun anggenipun bangsa Israel lumampah supados boten dumawah wonteng ing bangsa sanesipun, Filistin (ayat 17). Boten cekap namung mekaten, katresnanipun Gusti Allah ingkang agung ugi kawujudaken nalika Panjenenganipun paring tugu mega lan tugu geni dateng bangsa Israel supados bangsa Israel saged lumampah kanthi ayem lan tentrem, rina lan dalu (ayat 21). Lan kanthi tumindak ingkang totalitas punika, bangsa Israel ing tembenipun saged nampi prasetyanipun Gusti (tanah prajanjian) kanthi bingah sukarena, sinaosa marginipun boten gampil.
Ing wegdal punika, kita saweg lumebet ing mangsa undhuh-undhuh, mangsa panen. Kita pitados bilih Gusti anggenipun paring pangrimatan dateng kita sedaya boten setengah-setengah. Gusti Allah sampun paring berkah ingkang luber wonten gesang kita, sae berkah kawilujengan, berkah katentreman lan berkah ingkang mijil saking pakaryan ingkang kita tindakaken. Pramila, ing mangsa punika, kita dipun ajak supados saget ngaturaken saos sukur ingkang adi dumateng Gusti, temahan gesang kita langkung binerkahan. (7us)
“Saos sukura kanthi renaning manah! Aja setengah-setengah!”