Waosan: Pangentasan 15 : 22 – 27 | Pamuji: KPJ. 203
Nats: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sun ganjar sadhengah lelara kang wus Sun tandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.” (Ayat 26).
“Gak bahaya tha?” punika pitakenan ingkang viral wekdal-wekdal samangke. Sanadyan guyonan, nanging sejatosipun kita dipun emutaken supados mboten grusa-grusu nalika kita lumampah, supados boten getun mburi karana kenging prekawis ingkang mboten ngremenaken. ”Nduwea wedi” punika pepenget ingkang saged kita tampi saking pitakenan kalawau, supados kita wilujeng mboten manggih bilai.
Bangsa Israel ing carios Kitab Suci asring dipun gambaraken bangsa ingkang wangkot. “Diobong ora kobong, dikum ora teles” karana saking “ndablegipun”. Waosan dinten punika nggambaraken wangkotipun bangsa Israel, ingkang “ngedumel” dhateng Musa. Punika mboten namung sepisan-pindo anggenipun bangsa Israel sambat bab awratipun lampah sasampunipun medal saking Mesir, sanadyan menawi dipun etang, inggih taksih kathah prekawis sae ingkang dipun tampi. Bangsa Israel dereng saged dados bangsa ingkang setya nglampahi karsanipun Gusti. Asring sanget Kitab Suci nyariosaken prastawa-prastawa mbrontakipun bangsa Israel dhumateng Gusti amargi kuciwa kaliyan prekawis ingkang kalampahan. Karana punika mboten kedhat anggenipun Gusti Allah ngemutaken bangsa Isreal supados bangsa punika ajrih asih lan setya dhumateng Panjenenganipun, supados kawilujengan saking Gusti tansah katampi.
Sejatosipun, mboten wonten tiyang ingkang kendel karana mesti wonten prekawis ingkang dados sumbering raos ajrih utawi phobia. Wonten saking kita ingkang ajrih dhateng salah satungilipun kewan, woh-wohan, utawi situasi dalah prekawis sanesipun. Karana ajrih punika, kita asring “nyingkiri lan nebihi” prekawis ingkang kita ajrihi punika. Kados pundi menawi ajrih dhumateng Gusti? Punapa kita kedah “nebih” saking Gusti? Temtu kemawon mboten, karana ajrih dhumateng Gusti punika wujuding asih dhumateng Gusti. Ajrih ingkang landhesanipun sih katresnan kita dhumateng Gusti. Ajrih kita dhumateng Gusti punika karana kita kepingin celak kaliyan Gusti. Awit punika ajrih asih dhumateng Gusti dados sumbering gesang kita, sumbering kawilujengan wonten ing lelampahan kita. Lumantar ajrih asih dhumateng Gusti gesang kaimanan kita tansah kasegeraken, kakiyataken, lan kasampurnakaken. Amin. [NSW].
“Nduwea wedi, ojo kamaki, ben ndak blai.”