Narsis Pancaran Air Hidup 11 Juni 2022

11 June 2022

Waosan: Jabur 8 : 1 – 10 | Pujian: KPJ. 27 : 1, 2
Nats:
“… manungsa punika punapa ta, dene Paduka engeti? Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?” (Ayat 5).

Narsis punika estunipun salah satunggaling perangan prilaku manungsa ingkang nresnani dhiri pribadi. Wonten ing batas wajar, narsis punika sae awit dadosaken tiyang nggadhahi percaya diri. Ananging bilih narsis punika sampun kebablasen tamtu nuwuhaken masalah, awit mboten malih peduli dhateng sak kiwa-tengenipun kejawi namung mikir kangge dirinipun piyambak. 

Bilih kita gatosaken kanthi estu, estunipun Kitab Jabur ingkang kita waos punika ugi kagolong narsis, awit Prabu Dawud punika estu muji-muji manungsa. Pamuji punika tetela wonten ing ayat 6. Manungsa estunipun katitahaken kanthi sampurna lan nggadahi panguwaos ingkang ngedap-edapi tumrah sadaya titathipun Gusti ing bumi punika. Punika estunipun mbingahaken nanging bilih narsis-ipun manungsa dadosaken sadaya lelampahanipun namung katujukaken dhumateng dhirinipun piyambak minangka wujud gunggung dhiri, punika estu dados musibah. Awit manungsa dados sombong lan sawiyah-wiyah kaliyan titah sanesipun. Bilih sampun makaten tamtu titahipun Gusti ingkang endah lan migunani punika badhe ketaman ing karisakan lan bencana. Ing ngriki ingkang dipun betahaken estunipun pemanggih ingkang utuh bilih tresna dhateng dhiri pribadi punika mboten nglangkungi katresnan dhumateng Gusti ingkang nitahaken kita lan sadaya isinipun alam donya. Pemanggih kita estunipun kita saged ngrimati lan nguri-uri kasaenan lan kautuhan titahipun Gusti ing alam donya punika.

Sumangga kita dados titah ingkang aji, awit inggih makaten estunipun kahanan kita dipun titahaken Gusti. Ajinipun dhiri kita punika sanes krana dhiri pribadi ananging awit Gusti Allah ingkang maringi. Pramila bilih kita nresnani dhiri kita, kedhahipun ugi wujud anggen kita nresnani Gusti. Amin. [Japri].

“Manungsa kuwi titah aji lan kudu dadi aji-aji tumrah titah liyane.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak