Waosan : 1 Korinta 2 : 12 – 16 | Pamuji : KPJ 283
Nats : “Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman. [ayat 14]
Wonten ing jaman milenial punika kita sampun akrab kaliyan HP (handphone). Wujuding piranti komunikasi ingkang saged dadosaken manungsa ber-komunikasi jarak jauh ngantos saindenging bumi, tanpa mbetahaken kabel. Karana handphone kala wau ginakaken jaringan gelombang elektromagnetik kategori sinyal-radio. Lantaran sinyal punika kita saged wicantenan utawi kirim pesen saking jarak ingkang tebih. Arus komunikasi ingkang berbasis jaringan sinyal gelombang radio punika estu gumantung saking sinyalipun. Menawi sinyalipun kiyat tamtu komunikasi saged lancar, kosokwangsulipun bilih sinyalipun lemah tamtu ewet dipun damel komunikasi. Sinyal ing jaman samangke penting sanget pengaruhipun kangge gesangipun manungsa, ing sadaya babagan gesang mliginipun kangge generasi milenial ingkang gadahi slogan “no gadget, no life”.
Saking waosan punika kita mirsa bilih Roh ingkang sampun kaparingaken kita para tiyang pitados punika, dadosaken kita mangertos punapa karsanipun Gusti. Kosok-wangsulipun tiyang ingkang boten kadunungan Roh Suci boten saged mangertos karsanipun Gusti. Nanging kita ingkang sampun nampi Roh saking Allah, ugi sami kadunungan panggalihipun Gusti Yesus Kristus. Roh ingkang sampun dumunung ing kita punika kados dene sinyal ingkang nyagedaken kita mangun komunikasi dhateng Gusti. Mekaten ugi dateng saderek satunggil kapitadosan, kawujud ing pasamuwan. Menawi Roh sampun boten dumunung dateng kita, nuli kita ngraos tebih saking Gusti, nebih saking pasamuwan; pangibadah lan sanessanes kegiatan karohanen. Kados dene sinyal ingkang lemah ingkang ndadosaken kita ewet ber-komunikasi. Mekaten ugi bilih Roh ugi lemah dadosaken kita ewet mangertosi karsanipun Gusti lajeng males ngabekti, dedonga ugi maos kitab suci.
Pramila sumangga kita sami njagi Roh Suci ingkang wonten ing kita sami punika temah boten lemah langkung langkung ical. Kanthi kesadaran diri nguri-nguri kakiyatan kasukman kita, inggih punika Roh Suci ingkang sampun kaplethikaken ing kasukman kita wiwit mula kita kathitahaken lajeng kabaptis dening Roh Suci. Amin [one-rect]
”Sinyal lancar, komunikasi lancar, tetep setya ndherek Gusti”