Waosan: Wahyu 20:1-6 | Pamuji: KPK. 90
Nats: “…Wong-wong mau kabeh padha urip maneh lan padha ndherek dadi ratu karo Sang Kristus lawase sewu taun.” (ay 4c)
Dangal sawijining film India,nyariosaken lare estri ingkang dipungladhi bapakipun supados dados atlit Gulat. Lare punika kedah latihan disiplin.Tetedhanipun kedah bergizi, badanipun kedah sehat, mentalipun kedah kiyat mboten gampil nesu utawi isinan. Kadangkala rumaos kesel kepingin cuthel anggenipun nggladhi dhiri dados pegulat. Ananging bapakipun setya ndampingi lan mbela nalika wonten tiyang sanes ngasoraken. Mila awrat lan rekasanipun anggen mawas lan nahan dhiri, ugi anggen nggladhi dhiri ing satengah pacoban saking sakkiwa-tengenipun punika kagantos bingahing manah awit saged dados atlit pegulat estri ingkang nomer setunggal saking India. Tiyang ingkang waunipun ngasoraken sakpunika paring urmat, malah kathah lare ingkang nuladha semangat lan perjuanganipun.
Ing gesang padintenan, limrah napa ingkang dipunalami kados lare estri ing film punika. Kathah tiyang ingkang ngasoraken dhiri utawi iman kapitadosan lan dadosaken manah kita lungkrah, malah-malah kepincut nilar Gusti Allah supados mboten dipunasoraken kancanipun. Menapa malih nalika kathah pergumulan lan pambengan ngantos peteng lan ruwet kados tiyang ingkang mboten wonten pengarep-arep. Menawi mekaten raosipun kados mboten gesang.
Ananging tiyang ingkang setya tuhu gesang manut ndherek Gusti bakal dipitulungi Gusti lumantar pambudidaya ingkang dipuntindakaken saben dinten, sanajan perkawising gesang awrat kados mboten wonten margi lan pengarep-arep malih. Gesang ingkang peteng kados mboten wonten dinten enggal bakal kagantos dados tiyang ingkang gesang malih: badanipun dados sigrak, jiwanipun dados semangat, pikiranipun dados tenang lan bening ugi manahipun rumaos ayem tentrem. Wonten ing pundi kemawon, ngadhepi menapa kemawon mboten ajrih, sanajan awrat rumaos ayem ing rengkuhanipun Gusti. Kados ing film Dangal: rekasanipun kagantos kabingahaning gesang, malah gesangipun dados saksi katresnanipun Gusti lan dados tuladha sae ingkang gesang sanyata. Menapa gesang ingkang panjenengan raosaken saestu gesang ingkang sejatos?[fani]
„Kapitadosan dhumateng Gusti ndayani kita ngraosaken gesang ingkang sejatos“