Tiyang Estri Ingkang Lantip Lan Wicaksana Pancaran Air Hidup 11 Juli 2025

11 July 2025

Waosan: Purwaning Dumadi 41 : 37 – 49  |  Pamuji: KPJ. 297
Nats:  “Sarehne Gusti Allah wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira.” (Ayat 39)

Kita asring mireng paribasan “Kebo nusu gudel.” Paribasan punika kagungan teges tiyang sepuh nyuwun piwucal dhateng lare enom. Bab punika mboten limrah ing masyarakat awit ingkang asring inggih punika lare enom ingkang nyuwun piwucal dhateng tiyang sepuh.  Sinaosa mboten limrah ananging bilih tiyang sepuh purun sinau bab-bab kekinian saking lare nem-neman punika, tamtu tiyang sepuh punika badhe nampi wawasan enggal.

Mekaten ugi ing waosan dinten punika mratelakaken prekawis ingkang mboten limrah. Sang Prabu Pringon purun nampi katrangan bab supenanipun lan ugi nampi prentah saking Yusuf, tiyang ingkang saking pakunjaran. Sinaosa kahanan punika mboten limrah, ananging Sang Prabu Pringon purun nampi, awit Sang Prabu Pringon nyumurupi bilih Yusuf punika dipun kanthi dening Gusti Allah satemah Yusuf saged paring pirsa dhateng piyambakipun kanthi lantip lan wicaksana. Salajengipun Sang Prabu pringon ngestokaken lan enggal nindakaken punapa ingkang dados prentahipun Yusuf. Piyambakipun ngangkat Yusuf dados pamengku ing tanah Mesir. Salajengipun Sang Prabu Pringon nglolos sesupunipun cap saking astanipun lajeng dipun anggokaken ing drijinipun Yusuf sarta dipun paringi sandhangan mori alus lan gulunipun dipun kalungi kalung mas (Ay. 42). Sedaya punika dados tanda saos sokur Sang Prabu Pringon tumrap katrangan lan prentahipun Yusuf kagem nylametaken bangsa Mesir saking pailan ingkang badhe kalampahan.

Kawontenanipun para tiyang estri ing antawis kita taksih asring mboten dipun anggep. Ing satengahing masyarakat bilih wonten tiyang estri ingkang paring usulan / pendapat ugi dipun raosaken mboten limrah. Ananging kita perlu mangertos bilih gesangipun saben tiyang estri kagunganipun Gusti tamtu dipun tuntun dening Roh Suci. Anggenipun wicantenan lan nalika paring usulan ugi saged mratelakaken bab-bab ingkang sae kanthi lantip lan wicaksana. Sumangga kita kadosdene Sang Prabu Pringon nalika nampi katrangan lan prentahipun Gusti Allah lumantar Yusuf. Mekaten ugi kita purun mirengaken lan nampi usulan lan prentah saking Gusti Allah lumantar para tiyang estri ing sakiwatengen kita. Karana sedaya ingkang saking Gusti Allah punika sae kagem gesang kita. Amin. [GW].

“Gusti Allah ngagem sedaya tiyang kagem mbabaraken prentah ingkang sae, kalebet lumantar tiyang estri.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak