Punapa Gusti Mboten Peduli? Pancaran Air Hidup 11 Juli 2022

Waosan: Ayub 24 : 1 – 8 | Pujian: KPJ. 167
Nats:
“Lah kaya kuldi alas ing ara-ara samun anggone padha metu arep nyambut gawe golek pangan ing tanah bera kanggo anak-anake.” (Ayat 5)

Saben tiyang tamtu nggadahi pemanggih ingkang benten bab gesang ndherek Gusti. Wonten tiyang ingkang mastani gesang wonten ing Gusti punika kita tamtu binerkahan ing sedayanipun. Wonten tiyang ingkang nggadahi pemanggih ndherek Gusti punika mboten gampil awit kathah ingkang kedah dipun sanggi. Lan tamtunipun taksih kathah malih pemanggih bab gesang ndherek Gusti punika. Margining gesang kita punika pancen mboten gampil, ananging kita kedah pitados bilih Gusti saestu peduli kaliyan kita.  

Wonten ing waosan kita nedahaken bilih kathah tiyang ingkang nglampahi dosa lan tumindhak jahat dhateng sesaminipun lan gesang sakpiturutipun piyambak. Contonipun kados tiyang ingkang ngowahi watesing palemahan (Ay. 2), tiyang ingkang ngrampas pepanthan kewan sesaminipun (Ay. 3). Para tiyang dosa punika sampun nerak angger-anggeripun Gusti Allah lan mboten purun nampi Gusti Allah ing gesangipun. Para tiyang punika sami nindakaken prekawis-prekawis ingkang ngrugekaken liyan.

Kathah tiyang Kristen ingkang nyebat bilih dados tiyang pitados punika mboten nate ngalami kasangsaran lan kekirangan ing bab punapa kemawon. Ananging lumantar pangalamanipun Ayub ndadosaken kita sadar, bilih gesangipun tiyang pitados punika kadang kala nggih manggihaken kasangsaran, kekirangan, lan kecalan. Nanging Gusti tetap peduli lan mujudaken kepedulianipun lumantar pitulungan-pitulungan kagem kita. Sanadyan kados-kados kasangsaran punika terus wonten, ananging bukti kepedulianipun Gusti nggih kita raosaken saben wekdal. Sanadyan kasebataken ing waosan punika bilih kita kedah nglampahi punapa ingkang awrat awit tumindhakipun tiyang ingkang mboten sae, ananging Gusti saestu peduli dhumateng kita. Panjenenganipun mberkahi kita kalayan kasagedan lan margining pitulungan. Kados dene Ayub ingkang yakin bilih Gusti tamtu mitulungi, mekaten ugi kita ing sedaya momotaning gesang kita, Gusti Allah tamtu paring pitulungan. Amin. [GRA].

“Awit Gusti Allah peduli, gesang kita pikantuk berkah”

 

Bagikan Entri Ini: