Bab Supaos Renungan Harian 11 Juli 2020

11 July 2020

Waosan : Jabur 119 : 105 – 112  | Pamuji : KPJ. 203
Nats
: “Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi, badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil.“ (Ay. 106)

Nalika taksih alit, manungsa asring nglampahi bab supaos utawi sumpah. Kados dene nalika sesambetan kaliyan para kanca, sesarengan dolanan. Mbok bilih karana gegojegan ingkang nemen lajeng wonten satunggal kanca ingkang nangis. Umpami dipun takeni, “Sapa sing njarag?” Lare alit kalawan lugu atur wangsulan, “Sumpah sanes kula”. Tamtunipun para lare kalawau saged atur wangsulan ngangge tembung sumpah, awit wonten ingkang dados tuladha. Saged kemawon saking tiyang sepuhipun, sederekipun (kangmas-mbakyu), utawi saking perangan brayatipun piyambak. Sanadyan kita enget Gusti Yesus nate paring pitedah supados boten nindakaken supaos (Mat. 5:33-37), ananging kados-kados lelampahan bab supaos punika taksih asring kita pirengaken. Punapa malih bab supaos punika kawastanan taksih manjur dados gegaman kagem ngantebaken wangsulan saha ndadosaken tiyang sanes sangsaya pracaya.

Mekaten ingkang kita raosaken ing waosan kita, Prabu Dawud nate ngunjukaken supaos dhateng Gusti. Prelu kita raosaken supaos ingkang kawedar saking Prabu Dawud punika boten kagem nglereskaen dhirinipun piyambak, ananging kagem ngantebaken pengajeng-ajengipun badhe netepi lan ngestokaken pranatanipun Gusti Allah ingkang adil. Sarana waosan punika, kita saged nampi pitedah supados kita mangertosi bab supaos boten saged dipun tindakaken sawiyah-wiyah punapa malih umpami namung kagem ngleresaken dhiri. Malah-malah dados keré ingkang nutupi kalepatan.

Sumangga sajroning “Bulan Keluarga” punika, kita sedaya minangka perangan brayat, saged olah tata wicanten. Tiyang sepuh kaliyan para putra, kita kaliyan sisihan kita, ugi sesambetan kaliyan tiyang sanes sageda njagi dhiri saking supaos utawi sumpah ingkang sawiyah-wiyah lan muspra. Ingkang prelu kita tindakaken inggih punika ngantebaken kaadilan saha netepi pranatan saking Gusti Allah kalawan temen. Umpami kita nindakaken kalepatan, kita prelu nyenyuwun pangaksami kanthi tumemen, boten malah damel wernaning wangsulan dalah sumpah ingkang nutup-nutupi kalepatan kita punika. (nadi)

“Wateknya rasa sajati, kalangen mring katemenan, sengsem mring kanyataane” (Paulus Tosari)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak