Waosan: 1 Yokanan 5 : 13 –21 ǀ Pamuji: KPJ. 453: 1,2
Nats: “He, anak-anakku, sing padha waspada marang sakehe brahala.” (Ayat 21)
Miturut Bausastra Jawa, tembung waspada punika tegesipun ‘awas’ (bisa ndeleng, cetha pandelenge) lan ‘waskitha’ (weruh sing gaib-gaib). Manut basa padinan, waspada punika ngemu teges nggatekake. Salah satunggaling piwulang Jawi ungelipun mekaten: “Sabegja-begjane wong kang lali, luwih begja wong kang eling lan waspada.” Piwulang punika kacuplik saking piwulangipun Ranggawarsita ingkang isi nasehatipun: “Aja seneng anut grubyug. Yen kepengin begja kudu duwe pendirian sing tegas, eling marang Pangeran Allah, lan waspada tumraping samubarang ingkang badhe kedadosan.”
Punapa ingkang perlu kita waspadakaken? Ayat 21 suraosipun mekaten: “He, anak-anakku, sing padha waspada marang sakehe brahala.” Brahala punika saged arupi barang tiron, upaminipun reca. Menawi dipun gathukaken kaliyan iman Kristen, brahala punika nggadhahi arti mapanaken utawi nggeser Sang Kristus, kagantos barang ide-nipun manungsa lan ndadosaken barang ide-nipun manungsa kalawau langkung wenang/ kuwaos katimbang Gusti Allah. Patrap/ polah ingkang mekaten punika ndadosaken brahala minangka punjering (pusat) gesangipun manungsa. Ngangge tembung sanes, iman/ piandelipun manungsa punika dhateng brahala, mboten dhumateng Sang Kristus. Wujudipun brahala punika maneka warni.
Yokanan paring gegambaran ingkang cetha bab Sang Kristus. Sang Kristus punika punjer/ pusat piwulang lan lampahing gesang kita. Gusti Yesus punika Allah sejati lan manungsa sejati, ingkang rawuh ing jagat kangge mbikak kori gesang sejati. Ing salebeting iman pitados dhumateng Panjenenganipun, kita dipun paringi gesang langgeng lan kekiyatan kangge nindakaken karsanipun Allah. Pitakenan penting ingkang tansah perlu kita padosi jawabanipun: “Sinten ta Gusti Yesus Kristus punika?” Jawaban kita mboten cekap yen namung arupi tembung kemawon, ananging perlu kita wujudaken ing salebeting kita makarya/ tandang damel. Menawi kita ndedonga, kita perlu matur punapa ingkang perlu kita tindakaken kagem Panjenenganipun. Ing wekdal kita nindakaken lepat/ dosa, pangapuntenipun Gusti Allah maringi daya kangge kita nglajengaken peladosan kagem Panjenenganipun. GKJW nyebut wulan Januari ‘Bulan Penciptaan’, lan tema-nipun: ‘Allah Memulihkan dan Memperbarui Ciptaan-Nya’. Kanthi waspada, gesang kita katuntun langkung leres lan pener. Amin. [Esha].
“Diprayitna, aja lena!”
(prayitna = awas sarta ngati-ati); (lena = kelalen nganti nandang bebaya)