Gesang Kula Namung Kagem Gusti Renungan Harian 11 Januari 2019

Waosan : Kohelet 2 : 1 – 11  |  Pamuji:  KPK 141 : 1
Nats:
Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus kantindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi” [ayat 11]

Kula gadhah rencang agami Kristen ingkang mboten nate ngabekti. Wedalipun telas namung kagem pados arto, mboten wonten wekdal kagem Gusti. Nalika kula nyuwun pirsa kenging menapa mboten nate ngabekti? Piyambakipun semaur bilih piyambakipun pengen dados tiyang ingkang sugih. Lajeng kula nyuwun pirsa malih “Ngantos kapan? Kapan sampeyan dipunwastani tiyang sugih?”. Piyambakipun mboten saged paring wangsulan, namung mendel kemawon.

Sedaya tiyang mangertos bilih gesang ing alam donya menika namung sawetara. Nanging mboten sedaya tiyang mangertos menapa ingkang dados tujuan gesang. Nalika gesang kita namung kagem mburu kadonyan, ngantosa dangu mboten wonten cekapipun. Lajeng kagem napa gesang kita? Gesang kita namung kagem Gusti, nglajengaken pakaryanipun Gusti ing alam donya menika. Sedaya ingkang kita tindakaken ing ngarsanipun Gusti menika, mboten wonten ingkang muspra ing paningaling Gusti.

Sang Kohelet utawi ratu Suleman dhawuh wonten ing ayat 11, bilih sedaya ingkang kita upadi ing sangisoring langit menika ora ono kang maedahi. Tegesipun bilih sedaya ingkang kita gadhahi ing donya menika namung sawetara mangsa, mboten langgeng. Dumugi ing wancinipun, sedaya menika bakal nilar kita (yatra, jabatan, dalah brayat kita).

Gusti Allah mangertos bilih manungsa ingkang taksih gesang ing alam donya, tansah mbetahaken kabetahan gesang. Nanging mboten ateges menika ingkang dados tujuan gesang kita. Gusti paring dhawuh lumantar Rum 11:36 “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane lan marga dening Panjenengane,   sarta   l umadi   marang

Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase”. Gesang kita namung kagem Gusti. Sedaya ingkang kita tindakaken atas nami Panjenenganipun mboten wonten ingkang muspra.

“Ono ing patunggilaning Gusti, Kangelanmu mesthi ora muspra”

 

 

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •